Bismillahirrohmaanirrohiim

FATWA UTOWO DAGELAN MUI ?

Oleh Irwan Masduqi, LC

Poro konco-konco lan sederek sedoyo, sakderenge kulo nyuwun ngapunten menawi serat puniko kulo anggit kanti bahasa Jawi. Ajeng ngangge bahasa Arab, Inggris, Indonesia, ananging kok radi jeleh. Nggih kolo-kolo ngangge bahasa warisan leluhur kitho.

Poro konco-konco lan sedulur ingkang minulyo, ngguyu niku sehat, ananging nek menawi ingkang dipun geguyu niku MUI jarene marahi kualat. Leres nopo mboten? Kulo mboten niat nggeguyu MUI, ananging fatwanipun MUI magayutan perkawis subsidi BBM pancen lucu. Kulo kedah ngguyu naliko krungu MUI badhe ngaramaken subsidi BBM khusus kangge tiang ingkang sugih.

Fatwa puniko muncul sak sampunipun MUI kepanggih kalian menteri Energi lan Sumber Daya Minyak (ESDM), Darwin Zahedi. MUI gadah penggalih bilih tiang sugih ingkang tumbas BBM subsidi sami ugi mendet hak-ipun tiang lintu (akhdu haqqil ghayr). Hukumipun mendet bondo lan hakipun tiang lintu inggih puniko haram. Niki perkawis ingkang sampun gamblang lan cetho welo-welo kethok moto, amargi Pangeran Ingkang Moho Kuoso sampun dawuh wonten ing al-Quran bilih, “Ojo podo mangan bondo siro kabeh kelawan bathil”. Ayat puniko dipun dukung kalian kaidah “pekih” (fikih) bilih “kemadhorotan lan moro bahoyo kudu diilangi” (al-dharar yuzalu). Kaidah ushul pekih njelasaken bilih larangan nunjuaken keharaman (al-nahyu tadullu ala al-haram). Kinten-kinten meniko pola pikir MUI. Sederhana.

Ananging nopo perkawisipun sesederhana kados puniko? Kulo kinten kok mboten. Sangking peningalan sisi ekonomi, subsidi BBM dipun wontenaken kangge ngatasi daya beli masyarakat ingkang rendah sesarengan kalian minggahipun regi minyak wonten ing ndunyo. Pramilo subsidi BBM sanes kabijakan ingkang saklawase, namung sementara kemawon.

Nah, wonten ing “zaman edan” globalisasi, penjajah asing mboten mbeto pelor kados zaman londo. Penjajah wonten ing zaman puniko mbeto modal investasi ingkang ageng. Pemodal asing nguasani jagate makaryo, termasuk BBM. Sakniki wonten perusahaan asing ingkang jumlahipun puluhan nyerbu pasar perdagangan negoro kitho. Misalipun kados Shell, Petronas lan perusahaan asing lintunipun saking Amerika, Perancis, lan Cino.

Perusahaan asing puniko ugi nyade BBM bersubsidi kados Pertamina. Manjingipun 90% perusahaan minyak asing wonten ing Indonesia jelas-jelas ngrugeaken ekonomi negoro kitho. Lucu sanget menawi pemerintah nyukani izin operasi kagem perusahaan asing puniko. Kebijakan puniko merugikan sanget dumateng kemaslahatan masyarakat kitho. Pemerintah kitho koyo-koyone nggolek pamor wonten ing seserawungan internasional bilih Indonesia sampun melu-melu model ekonomi neo-liberal.

Fatwa MUI ingkang ngaromaken subsidi BBM Pertamina khusus kangge tiang sugih gadah akibat-akibat ingkang ageng; masyarakat ingkang daya belinipun lemah akhiripun milih pindah tumbas BBM saking perusahaan asing. Akhiripun, negoro kitho rugi keranten kalah saing kalian perusahaan asing. Kanti mempertimbangaken penalaran analisa puniko, seyogyanya MUI ngaramaken kebijakan pemerintah ingkang maringi izin perusahaan asing ingkang sampun monopoli minyak wonten ing negoro kitho. Kongkalikong pemerintah kalian perusahaan asing kedah dipun harameken karenten saget ngrugeaken masyarakat kitho.

Wonten babakan puniko MUI lucu. Subsidi BBM diharamaken kangge tiang sugih, ananging perkawis ingkang luwih bahaya—inggih puniko manjingipun mafia minyak asing—malah mboten dipun haramaken. MUI wonten babakan puniko supe mboten ngangge kaedah pekih idha ta’aradha al-mafsadatani ru’iya a’dhamuhuma birtikabi akhafihima (menawi wonten kalih bahaya ingkang bertentangan, pramilo kedah dipun antisipasi bahaya ingkang luwih ageng kanti nglakoni bahaya ingkang luwih alit). Nah, manjingipun perusahaan asing wonten ing negoro kitho puniko tergolong bahaya ageng keranten mengancam perekonomian negoro kitho. Sementara subsidi BBM tegolong bahaya ingkang luwih alit. Nah, menawi MUI gangge “pekih prioritas” (fiqh al-awlawiyat), kedahe MUI memprioritaskan mengharamkan kebijakan negoro ingkang ngizini manjingipun mafia minyak asing.

MUI puniko ulama ingkang lugu, amergi mboten mangertos bilih 27 perusahaan asing sampun kerjasama kalian ESDM. Nah, fatwa MUI ingkang muncul sak sampunipun pertemuan KH. Ma’ruf Amin kalian menteri ESDM patut dicurigai sebagai upaya ESDM lan perusahaan asing memperalat MUI. Fatwa MUI dipun anggep gadah kekuatan agami ingkang kiat, pramilo ESDM lan perusahaan asing memperalat MUI kangge keuntungan perusahaan asing. MUI dados korban! Mesaaken sanget dech njenengan (terjemah "kasihan dech lho") :D.

Yogyakarta, 04 Juli 2011
Kira-kira tulisan ini bisa dimuat di majalah Joko Lodang nggak ya? Hehehe.


.

PALING DIMINATI

Back To Top