Bismillahirrohmaanirrohiim

Soal Jawab Manasik Haji dan Umroh












 AN NIDA'



 Masail Manasikil Hajji wal 'Umroh



H.Abu Royhan


مسـائل الـحج والعـمـرى
 






 Soal Jawab




SEPUTAR HAJI & UMROH 




MASAIL HAJI LAN UMROH

1. Lamis malmus nalika thawaf.                                          3
2. Umrah sunnah sakdurunge hajji.                                     9
3. Njaluk di dungakake dening Haji.                                  15
4.  Nafar tsani Lebih Afdlol                                                 20
5. Mbalang jumrah saka mburi .                                       23
6. Ngganteni mbalang Jumrah.                                       28
7. Ihram saka Jeddah.                                                      34
8. Jama’ Qashar ing Arafah lan Mina.                              44
9. Dam sebab nganggo pakaian kang dijahit                 54
10. Walimah hajji.                                                              58
11. Keharamane Bumi Madinah                                       62
12.  Shalat ing Perluasan Masjid.                                       65
13.  Shalat ing hijir Isma’il ngandap mizab.                       70
14.  Shalat ing Raudlah .                                                   76
15.  Shalat Arba’in ing Masjid Nabawi.                               80
16. Ziarah  makam Rasulullah SAW.                                   85
17. Muhrimah nganggo masker.                                       92
18. Mbayar dam lewat bank utawa muqimin ajir.             96
19. Asal usulipun Thowaf.                                                   99
20. Mitos Hajar Aswad.                                                     110
21. Thawaf Qudum cukup kelawan thawaf Umrah.         123


1.        Lamis malmus nalika thawaf.
Masalah.
Mayoritas umat Islam ing masyarakat kita punika sami nderek faham bilih gegepokan kulit antawis kakung lan estri ingkang mboten wonten hubungan mahram punika mbatalaken wudlu’, sahingga nalika thawaf dados repot kerana thawaf mbetahaken suci saking hadast, ing mangka angel sanget anggenipun ngreksa saking gegepokan kulit saking ajnabiyah.
Pertanyaan.
a. Menapa wonten qaul saking ulama’ Syafi’iyyah, ingkang
    ngendikaaken mboten batal  gepokan kaliyan ajnabiyah ?.
b. Kados pundi  miderek madzhab sanesipun Syafi’iy?
c. Kados pundi jalan keluaripun tumrap tiyang nalika
    nindakaken thowaf ? menapa prayogi pindah madzhab ?
Jawab.
a.Wonten,  nanging qaulipun kelompok alit, mboten batal   tumrap tiyang ingkang dipun gepok (malmus),   dene tumrap ingkang nggepok (mulamis) tetep batal wudlunipun.
Keterangan saking kitab :
1.      Al Idlah hal. 220-221
2.      Mizan al Kubra juz : I hal. 120.
3.      Rahmatul ummah juz : I hal. 13.
4.      Bughyatul Mustarsyidin hal. 10.
ومـمـاتـعـم بــه الــبـلـوى فى الـطـواف مـلامـســة  الـنـســاء لـلــزحـمـة  فـيـنـبـغى لـلـرجـل أن لا يـزاحـمـهـن ولـهـا أن لا تـزاحـم  الـرجــال خـوفـا مـن  انـتقــاض الـطهـارة  فـان لـمـس أحـدهـمـا بـشـرة ألأخـر ببـشـرتـه  انـتـقـض طهـور الـمــلامــس  وفى الـمـلـمـوس قـولان لـلشــافـعي رحمه الله تعـالى أصـحـهـمــاعـنـد أكــثــر أصـحــابــه أنــه يـنـتــقـض وضــوءه  وهـو نـصــه في أكــثــر كــتـبـه , والـثــانى لا يـنـتقـض واخـتـاره جمــاعـة قـلـيــلـة من اصـحـابــه  .

“Lan setengah saking bala’ kang sumrambah dumadi ing sak jerone thawaf, iku senggolan ing wong wadon kerana desekan, ula prayogane tumrape wong lanang aja ndesek wadon lan tumrape wong wadon aja ndesek wong lanang, kerana dikuawatirake mbatalake wudlune.
Nalika senggolan   kulit antarane lanang lan wadon, mangka dadi batal wudlune tumrape kang nyenggol, dene tumrape kang disenggol miturut ulama pendereke Imam Syafi’iy ana qaul loro.
Miturut qaul kang luwih shahih iku  batal wudlu’ne, iki kang ditetepake ing akeh akehe kitabe ulama  Syafi’iyyah.  
Dene qaul kang kapindo, ora batal wudlune, iki qaul kang dipilih dening golongan kang shithik saka pendereke Imam Syafi’iy “ ( Al Idlah hal. 220-221).
Miderek madzhab sanesipun  Imam Syafi’iy, bilih senggolan kulit pria wanita mboten mbatalaken wudlu’, kejawi menawi anggenipun senggolan kanti syahwat, dene menawi mboten syahwat inggih mboten batal, menika miturut Imam Ahmad lan Imam Malik. 
Benten malih Imam Abu Hanifah, bilih senggolan ingkang mbatalaken wudlu’ menika syarat menawi intisyar / ereksi utawi tegange dzakar. Keterangan saking
 kitab :
  1. Mizan al Kubra juz : I hal. 120.
  2. Rahmatul ummah juz : I hal. 13.
و مـن ذلك قول ألأمـام الـشـافعي بـأن لـمـس الـبــالـغ للـمــرأة مـن غـير حائـل يـنـقض بـكـل حـال الا ان كات المـرأة محـرمـا للا مـس مـع قـول مـالك وأحـمــد انـه ان كان ذلك بشـهـوة نقـض والا فـلا , ومـع قـول أبي حنـيـفـة رحمه الله تـعــالى ان ذلك يـنـقـض بشـرط انتـشــارالـذكــر بـذلك فـيـنـقض بـاللـمس والأنـتشـار مـعـا ....... وأمـا للمـلمـوس فـمـذهـب مـالك والـراجح  مـن قـولي الـشــافـعي واحدى الـروايـتـين عـن أحـمــد انـه كاللامـس فى الـنـقض
“ Lan diantarane qaule Imam Syafi’iy sejatine senggolane lanang kang baligh marang wadon iku mbatalake wudlu’ kelawan sekabehe kahanan, kejaba yen wadon mau ana hubungan mahram tumrape wong kang nyenggol, beda kelawan qaule Imam Malik  lan Imam Ahmad, yen senggolan iku kelawan syahwat mangka mbatalake, dene yen ora kelawan syawat ya ora mbatalake.   Beda meneh kelawan qaule Imam Abu Hanifah, menawa senggolan kulit iku mbatalake kelawan syarat intisyar, tegange dzakar. Mula batale jalaran senggolan  lan intisyar kelawan bebarengan………
Dene tumrape wong kang di senggol pada karo wong kang nyenggol ing ndalem batale wudlu, miturut madzhabe Imam Malik lan qaul kang luwih unggul saka qaul lorone Imam Syafi’iy lan uga salah sijine riwayat lorone Imam Ahmad.
(Mizan al Kubra juz : I hal. 120) mengkono uga ing kitab : Rahmatul ummah juz : I hal. 13.
c. Jalan keluaripun tumrap tiyang nalika    nindakaken thowaf tetep nderek dateng qaul saking penderekipun Imam Syafi’iy sinaosa saking golongan minoritas, jama’ah ingkang sekedik, ingkang penting ngatos atos njagi ampun ngantos tumindak secara sengaja nyenggol ajnabiyah, dene menawi kesenggol (malmus) nderek qaul tsani mboten batal wudlunipun.
Mboten perlu pindah madzhab jalaran taqlid dateng  madzhab   sinaosa netepi  qaul  dlo’if, menika langkung utami  katimbang   intiqalul madzhab, kerana awratipun ngempalaken syarat syaratipun.  Kados keterangan  saking Kitab : Bughyatul Mustarsyidin hal. 10.
أن تـقـلـيد الـقـول أو الـوجـه الـضـعـيـف في الـمــذهـب بـشــرطـه أولى مـن تـقــلـيـد مــذهـب الـغـيـر لعـسـر اجـتمـاع  شـروط ـه
 “Sejatine nderek qaul utawa netepi  dalan kang dlo’if ing ndalem Madzhab, kelawan netepi syarate iku luwih utama katimbang taqlid madzhab liya (intiqal/pindah madzhab) kerana abote ngumpulake syarat syarate”.
 (Bughyatul Mustarsyidin hal. 10).

Kesimpulan.
Gepokan kulit kaliyan ajnabiyah punika hukumipun miturut Imam Syafi’i  mbatalaken wudlu’ , dene miturut ulama’ Syafi’iyyah pendertekipun Imam Syafi’iI wonten qaul kalih, qaul awwal ngukumi batal dene miturut qaul tsani tumrap lamis tetep batal nanging tumrap malmus mboten batal. Dene miderek Imam Ahmad lan Ian  Malik gepokan punika mbatalaken wudlu’ menawi kanti syahwat, menawi tanpa syahwat inggih mboten batal. Benten malih menggahipun Imam Abu Hanifah senggolan punika batal menawi intisyar /dzakaripun tegang menawi mboten intisyar inggih mboten batal.
Tumrap tiyang ingkang nembe thawaf mboten kerana angel lan rekaos sanget ngreksa saking gepokan kaliyan ajnabiyah punika, mila prayogi nderek qaul tsani saking Ulama’ Syafi’yyah ingkang ngukumi mboten batal. Mboten perlu intiqalul madzhab jalaran taqlid dateng qaul dla’if  ingkang tunggil madzhap punika langkung utami katimbang pindah madzhab, amergi angelipun netepi syarat ingkang kedah dipun tuhoni. Langkung gampil   nderek ulama’ Syafi’iyah ingkang mboten mbatalaken.

2. Umrah sunnah sakdurunge hajji.
Masalah.
Jama’ah haji gelobang 2 kaprahipun kanti hajji tamattu’ sak sampunipun umrah rampung nengga dumuginipun wukuf Arafah nggadahi wadal ingkang longgar,  kagem ngisi wekdal kejawi jama’ah ing Masjidil Haram sami nindakaken umroh sunnat, kaprahipun mendet miqat saking Tan’im, kadang wonten ingkang saking Ji’ronah. Kepara wonten ingkang ngatah ngatahaken umroh sunnat menika, prasasat saben dinten nindakaken ngantos ambal ambalan. Ing mangka tiyang menia nindakaken hajji lan umroh ingkang setunggal paket wajib, lan dereng cekap, nembe umroh wajib, hajji nipun dereng katindakaken kok dipun pisah kanti umroh sunnah.

Soal.
Menapa wonten dasaripun lan tuntunanipun umroh sunat qoblal hajji menika ? Lan Menapa wonten dasaripun lan tuntunanipun ngatahaken umroh sunat ?.
Jawab .
Wonten, tindakipun kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu
 ‘alaihi  wasallam ingkang umroh sak derengipun hajji  kanti ambal ambalan.
Keterangan saking kitab :
Al Qira li Qashidi Ummil Qura hal. 606- 608
1-  عن ابن عمر رضي الله عنه قال : اعتمر رسـول الله صلى الله عليه وسلم قبل  أن يحج          أخرجه البخارى وأبـوداود   فانـه سـؤل  عن العـمرة قبل الحج , فقـال : لا بأس وذكـر هـذا الحـديث
1.  Hadits dipun riwayataken saking   shahabat Ibnu Umar RA. Panjenengane ngendika  : 
      “Rasululullah Sallallahu ‘alaihi wa sallam nindakaken       umroh sak  derengipun  nindakaken    hajji”.  
(HR.Al Bukhari lan Abu Daud).
Ibnu Umar RA. dipun suwuni pirsa umroh sak derengipun haji ,  Panjenengane njawab : “Ra papa ” tegese kena. Imam Buhari ngriwayataken hadits :No. 1689
2- عن أبي إسحق قال: سألت مسروقا وعطاء ومجاهدا، فقالوا: اعتمر رسول الله صلى الله عليه وسلم في ذي القعدة قبل أن يحج وقال: سمعت  البراء  بن عازب رضي الله عنهما يقول: اعتمر رسول الله
صلى الله عليه وسلم في  ذي القعدة قبل أن يحج مرتين     أخرج البخارى

2. Hadits dipun riwayataken saking   shahabat Abu Ishaq deweke kanda : Aku takon marang Masruq, ‘Atha’ lan Imam Mujahid, nuli pada njawab :
    “Rasululullah Sallallahu ‘alaihi wa sallam nindakake          umroh  ing   wulan Dzul Qo’dah    sak   durunge    hajji”.
      Abu Ishaq nuli kanda : Barra’ bin ‘Azib  RA.
       ngendika  :  “Rasululullah Sallallahu ‘alaihi wa sallam
        nindakaken umroh ambal kaping pindo ing   wulan
        Dzul Qo’dah sak       derengipun  nindakaken hajji”
    .  (HR.Al Bukhari No. 1689).
 3 -   وعن عائشـة رضي الله عنها أن النبي صلى الله عليه وسلم  اعتمر عمرتين في ذي القعدة وعمرة  في شوال      أخرجه الترمذي

3. Hadits   dipun riwayataken saking    ‘ Aisyah  RA.
 Panjenengane ngendika  : “Rasululullah Sallallahu ‘alaihi wa sallam nindakaken umroh ambal kaping pindo ing   wulan Dzul Qo’dah, lan  nindakaken umroh sepisan
ing  wulan Syawal”      (HR.Imam Turmudzi).
 4.-  وعن أنس رضي الله عنه  أنه كان   اذا حمم رأسـه  خـرج فاعتمـر      أخرجه الـشافعى
  قوله (كان اذا حمم رأسـه ) أي اسـود بـعـد الحـلق فى الحج  بنبات الشـعر
4. Hadits dipun riwayataken saking Anas  RA.   :
“Rasululullah Sallallahu ‘alaihi wa sallam nalika mustakane katon ireng , Panjenengane miyos kanggo nindakake  umroh”. (HR.Imam Syafi’i).
Ngendikane  Anas RA.: “Rasululullah Sallallahu ‘alaihi wa sallam nalika mustakane katon ireng” tergese  katon ireng rambute mulai tuwuh  sakwise  cukur kanggo tahallul haji.
والمـعنى أنـه كان لا يؤخـر العـمرة الى المـحرم , بل كان يخرج الى الميقات ويعتمـر في ذي الحجـة   ووجه الدلالة على التكرار أن الظاهـر من حاله أن هذه  عادتـه , كلما اسـود شـعره من حلق فى نسك , خـرج  وأتى بأخـر   اذا تقرر هـذا فتكرار الـعمـرة والأكثـار منـهـا مسـتحبة عـدنا مطلقـا
Artosipun bilih Kanjeng Nabi mboten nate ngundur umrohipun ngantos wulan Muharram , malah panjenengane miyos tumuju dateng miqot wonten ing wulan Dzil hijjah kagem nindakaken umroh malih.
Saking menika nedahaken bilih umroh dipun tindakaken ambal ambalan, sahingga gamblang lan perwaca bilih ingkang katindakaken Kanjeng Nabi menika sampun dados pakulinan tumrap panjenengane  nalika mustakane katon ireng  tergese  katon ireng rambute mulai tuwuh  sakwise  cukur kanggo tahallul haji, panjenengane miyos  tumuju miqot kangge nindakaen umroh malih.
Menawi sampun kanyata gamblang lan perwaca bilih Kanjeng Nabi nindakaken kanti ambal ambalan lan ngatah ngatahaken nindakaken umroh punika sunnah tumrap kita kanti mutlak. 
( Al Qira li Qashidi Umil Qura : 606- 608 ).

Kesimpulan.
Umrah sunnat sak derengipun haji hukumipun shah tur utami, dasar lan tuntunanipun hadits Shahih tindakipun Kanjeng Nabi Sallallahu ‘alaihi wa sallam ingkang nindakaken umrah sak derengipun haji wonten ing wulan Syawal lan Dzul Qa’dah, mekaten ugi ngatah ngatahaken umrah sunnat ugi dipun anjuraken dasar tuntunanipun ugi hadits Shahih tindakipun Kanjeng Nabi Sallallahu ‘alaihi wa
 sallam ingkang nindakaken umrah kanti ambal ambalan. Sami ugi sak derengipun utawi sak sampunipun haji.

3. Njaluk di dungakake dening Haji.
Masalah.
Sampun dados pengadatan ing masyarakat kita nalika dumugi musim pemberangkatan calon jama’ah haji, sanak kadang tanggi tepalih sami silaturrahim dateng calon haji. Lajeng katah tiyang ingkang sami nyuwun dateng ingkang bade tindak haji, supados dipun dungakaken wonten ing tanah suci Makkah lan Madinah, langkung langkung wonten ing papan papan ijabah. Mekaten ugi nalika haji sami kundur. Ing mangka ndunga, nyuwun dateng Allah menika rak saget nyuwun piyambak mboten usah nyuwun tulung tiyang sanes, lan saget saking pundi mawon mboten kedah saking Makkah lan Madinah.

Soal
1. Menapa wonten dasar tuntunanipun Qur’an utawi Hadits, nyuwun didungakaken   tiyang ingkang nembe ibadah haji ?.
2.  Menapa wonten dasaripun  Qur’an utawi Hadits bilih tiyang   ingkang nembe  kundur haji dunganipun langkung mandi ?

Jawab   :
Njih,  wonten hadits ingkang ndawuhaken , malah Kanjeng Nabi piyambak nyuwun dipun katutaken dunganipun Shahabat Umar bin Khaththab nalika panjenenganipun nyuwun pamit bade nindakaken umrah. Mekaten ugi katah hadits ingkang ngendikakaken bilih tiyang ingkang nembe kundur haji punika langkung dipun ijabahi panyuwun lan donganipun .
Keterangan saking kitab :
1.      Al  Qira li Qaashidi Ummil Qura hal.  40.
2.      Syarafu Ummati Muhammadiyyah  hal. 156
وعــن ســالـم  بـن عــد اللــه بــن عــمــر , عــن أبــيــه :  أن عـمــر اسـتـأذن الـنــبى صــلى اللــه عـلــيــه وســلــم فى الــعــمــرة  , فــأذن لــه , وقــال : لا تـنـســنــا مـن دعــائـك , أو أشــركــنــا  فى دعــائـك
Diriwayatake sangka Salim bin Abdillah bin Umar sangka Bapakne Salim. : Pernah Umar nyuwun idzin Kanjeng Nabi Sallallahu ‘alaihi wa sallam arep nindakake umrah, nuli Kanjeng Nabi ngidzini lan ngendika : “Aja lali ya aku dunga’na.” utawa “Aku katutna ya ing dungamu”
Katah  hadits ingkang ndawuhaken bilih tiyang ingkang nembe nindakaken  haji punika mustajabah do’anipun.  Keterangan saking kitab
1.  Al  Qira li Qashidi Ummil Qura hal 40.
    2. Al Mutajirur Rabih  hal. 404.
    3. Syarafu Ummati Muhammadiyyah  hal. 156
وعــن ابــن عــمــرو قـال : قـال رســول اللــه صــلى اللــه عـلــيــه وســلــم : الـحـجــاج والـعــمــار  وفــداللــه ان ســألــوا أعــطوا , وان دعــوا أجـبــوا , وان أنــفــقــوا أخــلـف عــلــيــهـم
Diriwayatake sangka Ibnu ‘Amr , deweke cerita : Kanjeng Rasul Sallallahu ‘alaihi wa sallam tahu ngendika : “Wong kang pada nindakake haji lan umrah iku tamune Allah, menawa pada nyuwun mesti diparingi, lan menawa pada dunga mesti pada di ijabahi, lan menawa pada nggunakake banda mesti bakal di ijoli”
( Al  Qira li Qaashidi Ummil Qura hal.  40.)
عــن ابــن عــمــر قـال : قـال رســول اللــه صــلى اللــه عـلــيــه وســلــم :
اذا لــقـيــت  الـحــاج فسـلـم عـلــيـه وصـافـحه , ومــره أن يــســتـغـفــر لــك قـبــل أن يــدخــل بــيـتـه فـانـه مــغــفــور لــه
Diriwayatake sangka Ibnu Umar , deweke cerita : Kanjeng Rasul Sallallahu ‘alaihi wa sallam wis ngendika : “Nalika sira ketemu wong kang lagi bali sangka nindakake ibadah  haji uluka salam lan salamana marang deweke, lan nyuwuna marang hajji kuwi supaya di suwunake ngapura sak durunge deweke mlebu omahe , sebab deweke iku diapura dosane”.
( Al Mutajirur Rabih  hal. 404).
عـن عــبــداللــه قــال : ســمــعــت الـنــبى صــلى اللــه
 عـلــيــه وســلــم  يـــقـــول : مــن جــاء حــاجـا يــرد وجـه اللــه غــفــر لــه مـا تــقــدم مـن ذنــبـه ومــا تـأخــر وشــفــع فـيــمــن دعــا لــه

Diriwayatake sangka Abdullah , deweke kanda : Aku tahu krungu   Nabi Sallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika : Sing sapa wonge teka saka haji, olehe haji kerana murih ridlane Allah, mangka wong iku diapura dosane lan bisa nyafa’ati marang wong kang di dungakake”
( Syarafu Ummati Muhammadiyyah  hal. 156),
Kesimpulan.
Nyuwun dipun dungakaken dening tiyang ingkang bade nindakaken haji, saha mangayu bagya nalika nembe kundur saking nindakaken ibadah haji punika terang wonten tuntunanipun lan dasaripun hadits saking dawuh dawuhipun Kanjeng Nabi Sallallahu ‘alaihi wa sallam, bilih Tiyang ingkang nembe nindakaken ibadah haji punika langkung ijabah do’anipun, langkung langkung nalika haji nembe dumugi saking tanah suci Makkah sak derengipun mlebet griyanipun. Pramila prayogi kita sami tabarruk kaliyan para haji nalika nembe sami kundur, nyuwun dipun dongakaken kados dawuh   Nabi SAW’

4. Nafar tsani Langkung Afdlol.
Masalah.
Nalika dinten Nahar dumugi dinten Tasyriq jama’ah haji sami wonten ing Mina perlu mbalang Jumrah, dinten Tasyriq ingkang ngantos tanggal 13 Dzul Hijjah wekdalipun sami kangge mblang jumrah tiga. Nanging ugi dipun wenangaken namung dumugi tanggal 12 Dzul Hijjah, lajeng sami wangsul wonten ing Makkah dipun sebat Nafar Awwal. Nanging ugi wonten ingkang nelasaken dinten Tasyriq ngantos tanggal 13 Dzul Hijjah nembe nilaraken Mina ingkang dipun wastani Nafar Tsani. Ing bab menika wonten pilihan tumrap Jama’ah hajji, mendet Nafar Awwal menapa Nafar Tsani, tentu kekalihipun wonten dasar dawuh lan tuntunanipun.
Soal.
Pundi ingkang langkung utami antawisipun Nafar Awwal menapa Nafar Tsani ?.
Jawab.
Nafar Tsani langkung utami , Sinaosa Nafar awwal  menika dipun wenangaken anaging nyampurnaaken dumugi dinten tasyriq kaping tiga ingkang dipun sebat  Nafar tsani punika langkung afdlol, kados keteranganipun  Ibnu Hajar Al Haitami wonten ing Kitab  Syarhul Idlah :
وَهَذَا النَّفَرُ وَإِنْ كَانَ جَائِزًا فَالتَّأْخِيْرُ إِلَى الْيَوْمِ الثَّالِث أَفْضَلُ
“Nafar awwal ini senajan diwenangake nanging ngundur tumeka dina tasyriq  kang kaping telu iu luwih  utama”.  (Syarh al Idlah 412)
Ngendika Syaikh Sulaiman Kurdi wonten ing kitab : Hawasyil Madaniyyah :

ومـن أراد الـنـفـر مـن مـنى في ثـانى أيـام الـتـشـريـق جـاز ولا دم عـلـيـه , لـكــن ألأفـضـل الـتـأخـيـر الى الـنــفـر الـثـاني
“Sapa wonge karep budal saka Mina ing kaping pindone dina tasyriq mangka diwenangake lan ora ana dam tumrap deweke, nanging kang luwih utama ngakhirake budal ing akhire dina tasyriq”( Hawasyil Madaniyyah Juz II hal . 264 ).
Ing bab menika Allah paring dawuh  :
فَمَنْ تَعَجَّلَ فِى يَوْمَيْنِ فَلاَ اِثْمَ عَلَيْهِ, وَمَنْ تَأَخَّرَ فَلاَ اِثْمَ عَلَيْهِ
“Sing sapa wonge age age ing  Mina rong dina, mangka ora dosa tumrap deweke, lan sapa wonge ngakhirake nganti dina kaping telu uga ora dosa”. 
Kesimpulan.
Tumrap Jama’ah haji nalika wonten ing Mina wiwit dinten Nahar dumugi akhir dinten Tasyriq wonten pilihan kalih nalika bade bidal nilaraken Mina, mendet Nafar Awwal berangkat dinten tasyriq kaping kalih  utawi  Nafar Tsani bidal dinten kaping tiga dinten tasyriq. Bidal dinten kaping kalih saking dinten tasyriq tanggal 12 Dzul hijjah dipun westani Nafar Awwal punika dipun wenangaken. Ananging nyampurnaaken dumugi dinten tasyriq kaping tiga tanggal 13 Dzul Hijjah ingkang dipun sebat  Nafar tsani punika langkung afdlal,

5.    Mbalang Jumrah seka mburi.
Masalah.
Mbalang Jumrah Aqobah kalebet wajib haji, ingkang
rumiyin wujudipun ‘Aqobah punika rumiyin setengah lingkaran, mbalangipun namung saking arah ngajeng amergi sumuripun namung separo. Milai musim haji  tahun  2005 wonten perombakan jumrah aqobah diperluas sepanjang kirang langkung 15 M bentukipun oval, mbalangipun kongan saking arah ngajeng wingking. Sahingga  langkung lancar jalaran medianipun langkung wiar saget menampung jama’ah langkung katah, lan saget ngirangi resiko desekan ingkang langkung katah.
Dados mbalangipun saking arah ngajeng wingking saget kanti pertimbangan keselamatan.
Soal.
1. Kados pundi hukumipun mbalang jumrah ‘Aqobah mboten saking arah ngajeng ?. (miturut asalipun Aqobah sak derengipun dipun rombak).
2.   Saking arah pundi mbalang ingkang langkung afdlal ?.

Jawab.
  1. Mbalang Jumrah ‘Aqobah mboten saking arah ngajeng  hukumipun kenging .
  2. Dene ingkang langkung utami saking arah ngajeng madep dateng jumrah kerana itba’ Nabi.
Keterangan saking kitab :
1.      Hawasyil Madaniyyah Juz. II hal . 259 .
2.      Qasthalani Syarah Al Bukhari IV hal 171.
3.      Al Idlah Juz.II hal. 312
4.      Syarhul Idlah Juz.II hal. 360.  
5.       Al Mughni hal. 274.
6.      Bughyatul Mustarsyidin hal. 117
1.      ومـن حـيـث رمـاه أجـزأه ولـو مـن أعـلا هـا حـيـث
كان الـرمي فى الـمــرمى
  1. “Saka endi arah olehe mbalang mangka nyukupi, senajan saka arah nduwure jumrah sekira anggone mbalang ing panggonane balangan”      
    (Hawasyil Madaniyyah Juz. II hal . 259)
 .2 اتـفـقـوا مـن حـيـث رمـاهـا جـاز سـوأ كان اسـتـقـبـلـهـا أو جعـلـهـا عن يـمـينـه  أو يـســاره أو مـن فـوقـهـا أو مـن أسـفـلـهـا أو وسـطـهـا وألأخـتـلا ف فى ألأفـضـل
2.“Para ulama wis mufaqat ngenani carane mbalang jumrah ‘Aqobah,  saka ngendi wae arahe mbalang ‘Aqobah iku wenang pada uga madep marang arahe  ‘Aqobah, utawa ndadekake ‘Aqobah ing sisih tengene utawa kiwane, utawa saka arah nduwure utawa ngisore utawa tengahe, sulayane ing perkara iki mung ngenani cara mbalang kang luwih utama”.
(Syarah Al Bukhari IV hal 171).
2. Mbalang ‘Aqobah ingkang langkung utami punika saking   ngajeng, madep dateng arah ‘Aqobah, kerana nderek Kanjeng Nabi :
3.الـصـحيح  المـخـتـار فى كيـفـيـة وقـوفـه  لـيــرمـيـهـأ أن يـقـف  تـحتـهـافى بـطن الـوادى فـيـجـعـل مـكــة  عـن يـســاره ومنى عـن يـمـيـنـه ويـسـتـقـبـل  العـقـبـة ثــم يــرمى
3. “Qaul kang shahih tur kang pinilih ing dalem ngadeke lan carane mbalang ‘Aqobah ,  iku ngadek ing ngisore ‘Aqobah    ing tengahe jurang kanti ndadekake Mekah ing arah kiwane, lan Mina ing arah tengene sarana madep marang ‘Aqobah    nuli mbalang” ( Al Idlah Juz.II hal. 312 )
Dawuh menika adedasar dawuh hadits shahih riwayat Imam Al Bukhari lan Imam Muslim :
4.عـن ابن مـسـعــود رضي الله عنـه  أنــه صلى الله عليه وسلم جـعـل الـبـيـت عـن  يـسـاره ومنى عـن يـمـيـنـه  ورمى سـبـع حصـيـات 
{ رواه البخــارى ومســلم}
4. Hadits diriwayatake saka Shahabat Ibnu Mas’ud Radliyallahu ‘anhu : “Sejatine Kanjeng Nabi Sallallahu ‘alaihi wa Sallam iku ndadekake Baitullah ing arah kiwane, lan Mina ing arah tengene, lan Kanjeng Nabi mbalang kelawan krikil pitu”( Syarhul Idlah Juz.II hal. 360 ).
5.أن يـجـعـل مـكــة  عـن يـســاره ومنى عـن يـمـيـنـه ويـسـتـقـبـل  العـقـبـة ثــم يــرمى ولا يـقـف عـنـــدهـا

5. “Lan ndadekake Mekah ing arah kiwane, lan Mina ing arah tengene sarana madep marang ‘Aqobah    nuli mbalang lan ora perlu mandek ing sandinge ‘aqobah” ( Al Mughni hal. 274).
6. يـســن في رمي جمـرة الـعـقـبـة أن يـجـعـل مـكــة  عـن يـســاره ومنى عـن يـمـيـنـه ويـسـتـقـبـلهـاحـالـة الـرمـي  للأ تـبـاع
6.“Lan disunnatake ndadekake Mekah ing arah kiwane, lan Mina ing arah tengene sarana madep marang ‘Aqobah nalika mbalang kerana nderek Kanjeng Nabi”.
(Bughyatul Mustarsyidin 117 )
Kesimpulan.
Mbalang jumrah ‘Aqobah ingkang kalebet rukun haji punika mbalangipun ing dinten Nahar lan saking arah pundi kemawon mbalangipun kenging lan shah. Dene ingkang langkung utami saking arah ngajengipun kanti madep dateng ‘Aqobah, dene  Mekah wonten arah kiwa lan Mina ing arah tengenipun kerana nderek kanjeng Nabi.
6.     Ngganteni mbalang Jumrah.
Masalah .
Mbalang Jumrah ing dinten tasyriq punika kalebet wajib haji ingkang kedah katindakaken dening saben tiyang ingkang nindakaken Ibadah haji, nanging menawi wonten udzur saget dipun wakilaken dateng tiyang sanes. Dene tata cara    mbalang kangge tiyang ingkang nggantos tiyang sanes  , punika kok wonten pemanggih ingkang werni werni. Wonten ingkang ngendikaaken kedah ngrampungaken mbalang tigang jumrah kangge awakipun piyambak , nembe wangsul dateng jumrah ula kangge mustanib  (tiyang ingkang nyuwun dipun gentosi). Mangka kasunyatanipun awrat lan rekaos sanget menawi kedah kanti cara mekaten.
Soal.
Menapa wonten qoul ingkang ngengingaken mbalang jumrah tiga kanti cara  : mbalang jumrah ula kaping pitu kangge awakipun piyabak, lajeng kaping pitu kangge mustanib tetep wonten ing setunggal panggenan,  lajeng  nuju wonten ing jumrah wustha inggih ngaten punika , mekaten ugi wonten ing jumrah ‘Aqobah.

Jawab.
Wonten qoul ingkang ngengingaken mbalang jumrah nggantos tiyang sanes ingkang mboten kedah nyampurnaaken tigang jumrah kangge awak ipun piyambak langkung rumiyin.
Keterangan saking kitab :
  1. Al Mughni hal . 287 .
  2. At Tahqiq wal Idlah : 74.
  3. Tafsir Ibnu Katsir  Juz.   Hal.
1.أن يـر مي المـوكـل عـن نـفـســه أولا , ثــم عـن مـوكـلـه ويجـوز أن يــفـعــلــه فى مــوقـف واحــد
1.”Wong kang dipasrahi supaya mbalang kanggo awake dewe disik, nuli kanggo wong kang masrahi, lan wenang yen deweke anggone nindakake   mbalang ing    panggonan sawiji ( tegese mbalang jumrah swiji ambal kaping pitu, mboko siji kanggo awake dewe,  nuli mbalang kaping pitu kanggo wong kang makelake kaping pitu ora  pindah papan, tetep ing panggonane, kaya mengkono sak banjure nganti rampung jumrah telu ).( Al Mughni hal . 287 ) .
 2.ويجـوز للـنــائب أن يـر مي عـن نـفــسـه ثـم عـن مـســتـنيـبـه كل جـمــرة مـن الجـمــار  الـثـلا ث, وهـو في مـوقـف واحـد
2“Wenang kanggo wong kang ngganteni, mbalang kanggo awake dewe ambal kaping pitu, nuli kanggo wong kang digenteni saben saben jumrah saka jumrah telu, kanti tetep ngadek ing panggonane”
3.ولا يـجب عـلـيـه أن يكـمـل رمـي الجـمــار الـثـلا ث عـن نـفــسـه ثـم يـرجـع فـيـرمى عـن مـســتـنيـبـه فى أصــح قـولي  الـعــلمـاء لـعـدم الـدلــيـل الـمـجـب  لــذلك , ولـمــا في ذلـك مـن الـمـشــقة والـحــرج
3.Ora diwajibake nyampurnaake jumrah telu kanggo awake dewe nuli bali maneh marang jumrah ula, lan sak teruse kanggo wong kang diganteni, Iki mitutut qaul kang luwih bener saka qaul lorone Ulama, kerana ora ana dalil kang majibake mengkono kui, semono uga cara mengkono iku banget ngebotake lan rekasa anggone nandangi. Allah Ta’ala dawuh :
{ وما جعل عليكم في الدين من حرج }
“Lan Allah ora andadekake agama iku sulit kanggo sira kabeh”
4.أي ما كلفكم ما لا تطيقون، وما ألزمكم بشيء يشق عليكم إلا جعل اللّه لكم فرجاً ومخرجاً، ولهذا قال عليه السلام: "بعثت بالحنيفة السمحة" وقال لمعاذ وأبي موسى حين بعثهما أميرين إلى اليمن:"بشّرا ولا تنفّرا ويسّرا ولا تعسّرا " قال ابن  عباس  في قوله: {وما جعل عليكم في الدين من حرج}يعني من ضيق  بل وسَّعه عليكم كملة أبيكم إبراهيم   ( تفسـر ابن كثـيـر )
4.Tegese Allah ora meksa meksa sira ing perkara kang sira kabeh ora pada kuasa. Lan Allah ora netepake perkara kang kang abot kanggo sira kabeh kejaba ndadekake jalan keluar kang longgar, Ya merga iku Kanjeng Nabi Sallallahu ‘alaihi wasallam dawuh ;
”Aku di utus kelawan nggawa agama kang lurus tur gampang”.
Nabi Sallallahu ‘alaihi wasallam dawuh marang Mu’adz lan Abi Musa nalika ngutus karone minangka pemimpin ing negara Yaman.  “Gawea bungah sira wong loro aja gawe bubar, lan gawea gampang sira aja gawe angel”
Ibnu Abas ngendika ngenani dawuhe Allah :
{وما جعل عليكم في الدين من حرج}
Tegese Allah ora ndadekake agama ira sempit, nanging Allah njembarake kanggo sira kaya agamane Bapa Nabi Ibrahim AS.   (Tafsir Ibnu Katsir).
5.وقـال النبي صلى الله عليه وسلم :  { يســروا ولا تـعــسـروا}ولأن ذلك لم يـنـقـل عـن أصـحـاب رسـول الله صلى الله عليه وسلم حيـن رمـوا عـن صـبـيـانـهــم الـعــاجـز مـنـهم  , ولـو فـعـلـوا ذلك لـنـقــل , لأنــه مـمـا تتـوافــر الـهـمـم عـلى نـقـلــه  والله اعلـــم    ( التحقـيـق والايضــاح : 74 )
5. Nabi Sallallahu ‘alaihi wasallam ngendika :
{ يســروا ولا تـعــسـروا}
“Pada nggawea gampang sira lan aja nggawe angel sira”
Lantaran ora tahu di nukil saka para shahabat Nabi Sallallahu’alaihi wasallam, nalika pada mbalang jumrah ngganteni anake  anake lan wong wong kang pada ringkih, Sak umpama para shahabat tahu nindakake perkara mengkono kui, mesti wae para shahabat nyebutake, kerana iki kalebu perkara kang oleh kawigaten kang kudu di tekakake marang wong liya” Wallahu A’lam.
(At Tahqiq wal Idlah : 74 ).

Kesimpulan.
Wonten qoul ingkang ngengingaken mbalang jumrah tiga kanti cara  : mbalang jumrah ula kaping pitu kangge awakipun piyabak, lajeng kaping pitu kangge mustanib tetep wonten ing setunggal panggenan,  lajeng  nuju wonten ing jumrah wustha inggih mbalang kados ing jumrah ula  , mekaten ugi wonten ing jumrah ‘Aqobah.  Ateges mboten wajib nyampurnakaken mbalang kangge awakipun piyambak tigang jumrah langkung rumiyin nembe mbalangaken kangge mustanib. Menawi ongang ngaten menika langkung sae, Nanging nyekapaken kanti setunggal lampah kangge awakipun piyambak lan kangge mustanib, mergi mboten wonten ingkang majibaken kedah sampurna kangge awakipun piyambak nembe kangge mustanib. Kasunyatan cara menika sanget masaqat. 

7.     Ihram saka Jeddah.
Masalah.
Jam’ah haji Indonesia gelombang kaping kalih punika
 jadwal pemberangkatan sampun akhir sahingga saking bandara King Abdul ‘Aziz Jeddah njujuk dateng Makkah, anggenipun wonten Madinah kantun sak sampunipun cekap ibadah hajji nipun. Dados jama’ah haji Indonesia nalika ngliwati miqot kawontenanipun ing antariksa ing sak lebetipun pesawat udara, mila anggenipun ngagem pakaian ikhram wiwit saking Indonesia. Nanging wonten ugi ingkang ikhram lan miqot nalika wonten ing Jeddah.

Soal.
1. Wonten ing pundi miqot ipun Jam’ah haji Indonesia ingkang     njujuk Mekkah ? pinten    jarakipun saking Makkah ?
2. Kados pundi hukumipun ikhram saderengipun mlebet miqat    kerana pengatos atos.?
3. Kados pundi hukumipun ngawiti ihram saking Jeddah ?
Jawab.
1. Jam’ah haji Indonesia nalika njujuk Mekkah mboten saking Madinah kados ingkang dipun tindakaken Jam’ah haji Indonesia gelombang kaping kalih mila benten kaliyan ingkang njujuk Madinah (Gelombang I). Dene mikotipun Jam’ah haji Indonesia punika saking Yalamlam jarakipun 120 Km saking kitha Makkah.
Keterangan saking Kitab Al Mughni Hal. 62.
الـثــالـث يـلـمـلـم : وهـو مـيـقـات أهـل الـيـمــن , ومـن مـر بــهـا  ويبـعــد عـن مـكــة حـوالي  مـائـة وعـشـرون كـيـلو متـرا ويحـرم مـنـه أهـل مـاليـزيـا والـصـيـن, والـهــنـد , وانـدونـيـســيـا وغـيـرهـم مـن حجـاج جـنـوب أسـيـا
Kaping telu Yalamlam, iku miqate wong wong Yaman, lan wong kang pada ngliwati, dene adohe saka Makkah kurang luwih sekitar   120 KM. Ikhram saka Yalamlam iki penduduk Malaisia, Cina, India, Indonesia lan  liya liyane , Haji haji saka  Asia Tenggara.
 (Al Mughni Hal. 62).
2.      Hukumipun ihram sak derengipun lumebet miqot punika wenang. (Tentu maksudipun miqot Makani) Keterangan saking kitab ;
  1. Qulyubi juz.II   Hal. 95.
  2. Al Mughni Hal. 63.
1.{تــنبـيـه }عـلـم مـمـا ذكــر أن تـقــديـم الأ حـرام عـلى مـيـقـاتــه الـمــكانى جــائز بخـلا ف الـزمـاني
(Perhatian) Kinaweruhan saka kang wis tinutur yen sejatine ndisiki ihram sak durunge tumeka miqote Makani iku wenang beda kelawan miqot Zamani.
 (Qulyubi juz.II   Hal. 95).
2.مـن كان في الـطـائرة  يـنوي اذا حـاذى الـمـيـقـات , فـان لـم يـعـرف حـذو الـمـيـقـات احـتاط فـأحـرم مـن بـعــد بحيـث يتــيـقـن أنـه لـم يـجـاوز الـمـيـقـات  الا محرمـا , فـالأحرم قـبـل الـمـيـقـات جائـز , وتـأخـيـره عـنـه لا يجـوز

Wong kang ana ing sak jerone kapal udara supaya niyat ikhram nalika ngepasi miqot, yen ora ngerti pas arahe miqot  pengati atine, supaya  ihram saka adoh. Kelawan sekira yakin yen deweke ora bakal ngliwati miqot kejaba wis ihram , jalaran ihram sakdurunge miqot iku wenang, dene ihram kliwat miqot iku ora wenang.  Al Mughni Hal. 63.
  1. Jam’ah haji Indonesia Ihram saking Jeddah punika hukumipun mboten kenging, amergi Jeddah sampun kaetang lebet miqot, kanti dipun ukur jarak ipun saking Mekah. Jeddah langkung caket katimbang   Yalamlam.  Jarak saking Mekah - Yalamlam 120 Km, dene Mekah - Jeddah   72 Km. 
       Keterangan saking Kitab :
  1. Hamis I’anatuth Thalibin juz.II hal. 303
  2. Al Ifshah  ‘Ala Masailil Idlah hal. 121.
1.ولا يـجـوز لــه تــأخـيـر احــرامــه  الى الـوصــول الى جــدة
      1.“Lan ora wenang kanggo wong kang ihram
           ngakhirake  ihrame nganti tumeka marang Jeddah”.
         (Hamis I’anatuth Thalibin juz.II hal. 303).
2.ولا يـجـوز تــأخـيـر الأحــرام  الى جــدة لأنــهــا أقــرب مـن يـلـمـلـم
     2. Lan ora wenang ngakhirake ihram  nganti tumeka  
  Jeddah, jalaran Jeddah iku jarake luwih cedak saka
 Makkah  katimbang Yalamlam.
                (Al Ifshah  ‘Ala Masailil Idlah hal. 121).
Dipun sayogyakaken kangge Jam’ah haji Indonesia, ngagem pakaian Ihram saking Indonesia, nanging niyat ihramipun nalika arah arah meh dumugi miqot minangka pengatos atos, dados nalika mendarat wonten Jeddah punika sampun ihram. Menawi  mboten mangertos arah arahipun miqot,  supados ihram nalika dumugi kira kira kalih marhalah sak derengipun dumugi Makkah kados keterangan ing kitab Al Idlah   hal. 121. 
فـان لـم يحــاذ شــيـأ أحـرم عـلى مـرحـلـتـيـن مـن مـكــة فـان اشــتـبـه عـلـيـه الأمــر تـحــرى  وطـريـق الأحـتـيـاط لا تـخـفى 
 ” Mangka lamun ora bisa ngepasi miqot ngendi, mangka ihram nalika tumuka jarak rong marhalah sangka Makkah, dene lamun samar ora jelas arahe, supaya usaha  lan cara  ngati ati iku wis cetha ora samar” (Al Idlah   hal. 121).
فـقـال أصـحـابــنـا لـزمـه أن يحـرم  على مـرحـلـتـيـن  من مـكــةاعـتـبــارا بـفـعـل عـمــر رضي الله عنه في تـوقـيـتـه  ذات عرق
Ulama ulama kita netepaken supados ihram saking jarak kalih marhalah saking Makkah. I’tibar kaliyan tindakipun Shahabat Umar RA. nalika mendet miqat saking Dzatu ‘Irraqin.
(Ahkamul Fuqaha : 340 hal 385).
Ananging   Syaikh Ibnu Hajar Al Haitami ngingingaken ihram saking Jeddah, amergi nganggep bilih Jeddah menika sami jarakipun kaliyan Yalalam. Keterangan saking kitab :  Hawasyil Madaniyyah Juz. II hal . 227
وبـه يـعـلـم أن الـجـائي من الـيـمـن فى الـبحـر لــه أن يـؤخـر احـرامـه من محـاذاة يـلـمـلـم الى جـدة لأن مـسـافـتـهـا الى مـكــة كمـســافـة يـلـمـلـم كمـا صـرحـوا بــه 
Beda kelawan dawuh fatwane Guru kita Ibnu Hajar Al Haitami ya   kang diterangake ing kitab Tuhfah, dawuhe :
“Kelawan fatwa iki, kinaweruhan  menawa wong kang teka saka arah Yaman kelawan lakon  nyebrang lautan, tumrap wong kuwi wenang ngakhirake ihrame saka penereYalamlam tumeka marang Jeddah, kerana jarake Jeddah tumeka Makkah iku pada karo  jarake Yalamlam, kaya kang wis pada diterangake” .
(Hawasyil Madaniyyah Juz. II hal . 259).
Nanging fatwa menika dipun bantah dening ulama  katah   jalaran kasunyatan saget dipun buktekaken,   jarak antawis Makkah dumugi Jeddah langkung caket katimbang Makkah dumugi Yalamlam, kanti kaut jarak ingkang katah, sahingga nyata nyata jarak ipun sanget benten antawis kekalihipun. Keterangan saking Kitab :
I’anatuth Thalibin juz.II hal. 303 - 304.
قـال شــيخـنـا الـسـيــد الـعـلامـة يـوســف بـن حسـيـن الـبــطاح نـقـلا عـن شــيخـنـا الـسـيــد الـعـلامـة سـلـيـمـان بـن يحـيى بـن عـمــر مقـبـول رحمهم الله تـعـالى : أن مـن أحـرم  مـن جـدة  مـن أهـل الـيـمـن يـلـزمـه دم. وكل مـن وافـق الـشــيـخ أبن حجـر مـن  الـيـمـنيـين فكلا مـنهـم مـبـني عـلى اتـحـاد الـمـســافـة  بـيـن ذلـك وقــد تحـقق الـتـفـاوت كمـا عـلـمـت فهـم قـائلـون بـعـدم جوز ذلـك أخـذا مـن نـص تـقـيـيـدهم الـمـســافـة أهـ
“Ngendika Guru kita Sayyid Al Allamah Yusuf bin Husein Al Baththah nuqil saka Guru kita Sayyid Al Allamah Sulaiman bin Yahya bin Umar Maqbul Rahimahuullahu Ta’ala : Sejatine wong kang ihram saka Jeddah saka penduduk Yaman iku wajib mbayar dam , Lan kabeh wong kang nyocoki kelawan fatwane syeikh Ibnu Hajar  saka golongane wong wong Yaman, iku kabeh penemune didasarake marang jarak kang dianggep pada antarane Makkah - Jeddah lan Yalamlam. Ing mangka nyata nyata beda kaya kang wis kinaweruhan. Dene kang nganggep ora wenang ihram saka Jeddah iku kelawan ngalap dasar anggone pada ngukur jarak perjalanan miqot lan Jeddah”.
 ( I’anatuth Thalibin juz.II hal. 303 – 304 ).

 Kesimpulan.
Miqotipun Jama’ah Haji Indonesia punika wonten ing Yalamlam  jarakipun sekitar 120 KM saking Makkah.
Kerana nalika ngliwati miqot kawontenanipun Jamaah Haji wonten ing antariksa ing mangka nalika mendarat wonten ing bandara King Abdul Aziz Jeddah sampun mlebet  miqot, pramila dipun sayogyakaken ngagem kain ihram wiwit saking Indonesia minanga pengatos atos  dene niyatipun ihram saget saking Indonesia utawi nalika arah arah ngliwati miqot, sahingga nalika mlebet Jeddah sampun ihram.
Dene ihram sak derengipun  dumugi miqat punika dipun wenangaken, sebalikipun ihram sak sampunipun ngliwati miqat mboten dipun wenangaken, mila wajib dam.
Ihram saking Jeddah punika mboten kenging, amergi Jeddah langkung caket saking Makkah katimbang Yalamlam, jarakipun Makkah - Jeddah 72 KM, mangka Makkah - Yalamlam 120 KM, menika adedasar kasunyatan kanti mbuktekaken ngukur jarakipun. Dene Ulama wonten ingkang ngengingaken ihram saking Jeddah amergi nganggep jarak Makkah Jeddah sami kaliyan Makkah Yalamlam, ing mangka kasunyatanipun mboten sami.  

8. Jama’ Qashar ing Arafah lan Mina.
Masalah.
Jama’ah haji nalika wonten ing ‘Arofah lan Mina kaprahipun sami nindakaken shalat fardlu kanti dipun Jama’ utawi  qashar. Ing mangka sak derengipun dumugi Arofah lan Mina sampun sami muqim sak wetawis langkung sekawan dinten wonten ing Makkah, lan ugi  jarakipun Mekkah dumugi Arofah lan Mina mboten jangkep kalih marhalah. Nanging sami nindakaken shalat Jama’/Qashar kanti alasan bin nusuk, jalaran menawi kanti alasan bis safar terang mboten nyekapi syarat. Miderek Imam Syafi’iy haji nalika wonten ing Arofah lan Mina mboten wenang shalat fardlu kanti jama’ utawi qashar, ananging ulama’ Syafi’iyah katah ingkang ndawuhaken wenangipun jama’ qashar, malah wonten ugi ingkang ngukumi sunnat jama’.

 Soal.
  1. Kados pundi hukumipun shalat jama’ lan qashar nalika wonten ing Arofah utawi Mina  tumrap jama’ah  haji ?.
  2. Menapa wonten Ulama’ Syafi’iyah ingkang menangaken shalat jama’ nalika kesah kirang saking kalih marhalah ?.
Jawab.
  1. Tumrap jama’ah haji nalika wonten ing ‘Arofah, Muzdalifah lan Mina  nindakaken shalat jama’ lan qashar punika wonten ulama’ ingkang ngengingaken, malah ngukumi sunnat shalat jama’ nalika wonten ing Arofah , Muzdalifah, lan nalika wonten ing Mina. Keterangan saking   Kitab :
1. Al  Idlah  hal.  273.
            2. Al  Qira li Qaashidi Ummil Qura
1.ثـم انـه يـســتـوي في هـذالـجـمــع  المـقـيــم والـمـســافـر وانــه يـجـمــع بسـبـب الـنـسـك   
1.“Nuli sejatine pada wae ingdalem wenange jama’   kanggone wong kang haji kang muqim (ing Mekkah) lan musafir, lan sejatine anggone wenang jama’ iku kelawan sebab Nusuk”. ( Al  Idlah  hal.  273 ).
وعـن ألأسـود وعـلـقـمـة أنـهـمـا قـالا : مـن تـمـام الحج ان يـصـلى الـظـهـر والـعـصـر مـع الأمـام بـعـرفــة . أخرجـه سـعـيـد بن مـنـصـور
Diriwayatake  saka Aswad lan Alqomah, karone ngendika : “Setengah saking sampurnane hajji iku ngumpulake shalat Dhuhur lan ‘Ashar jama’ah sartane imam ing Arofah”. (HR.Said bin Manshur).
Hadits iki nuduhake yen jama’ ing Arofah iku kelawan adzan siji lan iqomat loro, iki ngendikane Imam Syafi’iy lan para murid muride, Abu Tsur, Abu Hanifah lan para murid muride.
(Al  Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 394).
Dene bab qashar nalika wonten ing Arofah punika wonten riwayat :
عـن عـمـرو بـن ديـنـار , قـال : قـال  لي جـابر بـن زيـد : أقـصـر الـصـلا ة  بـعـرفــة    خـرجه سـعـيـد بن منـصــور
Diriwayatake saka Amr bin Dinar :
Dewere ngendika :  Jabir bin Zaid dawuh marang aku:
Nyendaka shalat ing Arofah “ (HR. Said bin Manshur).
. (Al  Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 395).
Dene jama’ wonten Muzdalifah wonten hadits bilih Kanjeng Nabi nindakaken jama’ antawis Maghrib lan ‘Isa’ .
عـن جابر رضي الله عنه في حديثـه الـطـو يـل : أن الـنبي صلى الله عليه وسلم  صلى بـالـمـزدلـفـة  الـمـغـرب والـعشــاء بـأذان واحــد واقـامـتـيـن ولم يسـبـح بـين هـمـاشـيـأ. وفـيـه دلالـة على أن الـجـمع بـأذان واقـامـتـيـن و هو قـول أحـمـد وأصـح قـولي الـشــافعي وقـول غـيـرهـمـا مـن الـعـلـمــاء
Diriwayatake  saka Jabir Radliyallhu ‘anhu ing haditse kang panjang : Sejatine Kanjeng Nabi Sallallhu ‘alaihi wa Sallam iku shalat maghrib lan isya’ ing Muzdalifah, kelawan adzan sepisan lan iqamat pindo. Lan babar pisan ora shalat antarane shalat loro mau.
Ing hadits iki nuduhake yen jama’ iku cukup kelawan adzan sepisan lan iqamat loro . “Iki dawuhe Imam Ahmad lan luwih shahehe qaul lorone Imam Syafi’iy   lan uga ulama ulama liya” (Al  Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 421).  عـن أشـــعـث  بـن سـلـيـم عـن أبيـه قـال : أقـبـلـت مـع ابن عـمـر مـن عـرفـات الى الـمـزدلـفـة  فـأمر انـســانـا فـأذن وأقـام , فـصـلى بـنـا الـمـغـرب ثـلاث ركـعــات ثم الـتــفـت الـيـنـا فـقـال : الـصــلا ة , فـصـلى بـنـا  الـعـشــاء ركـعـتيـن , ثـم دعـا بـعـشــائـه,  و فقـيـل لــه  فى ذلـك  : فـقـال : صـلـيـت مـع الـنبي صلى الله عليه وسلم  هـكــذا  أخرجه أبوداود
Diriwayatake  saka Asy’ats bin Sulaim, saka Bapakne Panjenengane ngendika : “Aku tau budal bareng Ibnu Umar saka Arofah tumuju Muzdalifah, Panjenengane dawuh marang swijine wong supaya adzan lan iqomqat. Panjenengane nuli shalat bareng kita, kabeh ing shalat Maghrib kelawan telung raka’at , nuli noleh marang kita, banjur dawuh :“ Ayo shalat”.
Nuli  Panjenengane shalat Isya’ bareng kita kabeh kelawan rong roka’at. Banjur nimbali ngersakake dahar dalu, Panjenengane di suwuni pirsa ing bab shalate mau. Panjenengane nuli ngendika : “Aku wis tau shalat nderekake Kanjeng Nabi Sallallhu ‘alaihi wa  Sallam ngene iki” HR.Abu Dawud.
(Al  Qira li Qaashidi Ummil Qura. 421) 
Dene bab wenangipun qashar wonten riwayat bilih Kanjeng Nabi, lan shahabat Ibnu Umar muqim wonten Makkah lajeng nalika wonten Mina nindakaken qashar.
عـن ابـن عـمـر رضي الله عنهمـا أنـه كان يـقـيـم بـمـكـة  فـاذا خـرج الى  مـنى   قصـر الـصـلا ة 
“Diriwayatake saka Shahabat Ibnu Umar RA. sejatine panjenengane muqim ana ing  Makkah, nalika tindak menyang Mina panjenengane ngashar shalat”
(Al  Qira li Qaashidi Ummil Qura hal.394). 
وعن حارثـة بن وهـب الجـزاعي  وهـو أخو عـبـد الله بن عـمـربن الخطاب  لأمـه , قـال  : صـلـيـت مـع رسـول الله صلى الله عليه وسلم بـمنى والـنــاس أكـثـر مـاكانـوا فصـلى بــنــا ركـعـتـيـن في حجـة الـوداع   أخرجه أبوداود
Diriwayatake  saka haritsah bin Wahab al Juza’i, deweke iku sedulure Abdullah bin Umar bin Khaththab tunggal Ibu Panjenengane ngendika : “  Aku wis tau shalat nderekake Kanjeng Nabi Sallallhu ‘alaihi wa  Sallam ing bumi Mina bareng karo wong akeh banget, Kanjeng Nabi shalat ngimami kita rong roka’at nalika haji wada’ ”(HA.Abu Dawud).

Imam Abu Dawud ngendikaaken bilih Haritsah iku wong saka desa Juza’ah kang omahe ana ing Makkah.
Imam Turmudzi uga ngriwayatakke hadits iki lan ngendika yen hadits iki Hasan Shahih, Haritsah iku omahe ana ing Makkah upama ora wenang qashar kanggo wong Mekkah,   Haritsah mesti ngendika : Kita kabeh pada nyampurnakake, utawa Kanjeng Nabi ngendika marang kita
 pada nyampurnakna sira kabeh aja pada ngashar shalat”.
Mula tetep dadi keputusan kanggone wong wong Mekkah ngashar shalat ana ing Mina iku sunnat.
(Al  Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 531-532). 
Miderek keterangan saking Al Qira bilih ulama’ kita punika sulaya pemanggih wonten ing perkawis alasanipun jama’,   dawuhipun :
وقـد اختـلـف أصـحـابـنـا: هـل كان جـمـعــه  صلى الله عليه وسلم بـعـلـة مـطلـق الـســفـر ,أو الطـويـل , أوبـعـلـة الـنــســك , والـظـاهـر بـعـلـة الـنــســك , حتى يجـوز للأ فـاقي والـمـكى والـمـزدلـفي

Lan Ulama    kita pada sulaya penemu : perkara
“Anggone njama’ Kanjeng Nabi sallallahu ‘alaihi wa sallam iku apa sebab mutlake lungan, apa jalaran adoh, apa alasan nusuk (ibadah haji), Sing cetha kelawan alasan nusuk, sahingga njama’ iku wenang kanggo wong njaban Mekah, wong Mekkah lan wong Muzdalifah”.
 (Al  Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 394). 
  1. Wonten Ulama’ Syafi’iyah ingkang menangaken shalat  jama’  nalika kesah jarak kirang saking kalih marhalah inggih menika qoulipun Imam Bandaniji ngugemi lahiripun hadits, kados keterangan ing Kitab  :Bughyatul Mustarsyidin hal. 77
لـنـا قـول بجـواز الجـمـع فى السفر القصير اختـاره الـبـنـدنيـجى
 وظاهـر الـحـديـث  جـوازه ولـو فى حضـر كمـا فى شـرح  مـسـلـم
 وحكى الخطابى عـن أبي اسـحـق جوازه فى الحضـر للـحاجـة وان لـم يـكـن خـوف ولا مـطر  ولا مـرض وبـه قـال الـمـنــذر
“Kanggo kita ana qoul kang menangake njama’ ing ndalem lungan kang cedak, iki qoul kang dipilih Syeikh Bandanijiy, dene miturut lahire dawuh hadits diwenangake njama’ senajan ana ing omah / ora nuju lungan, kaya keterangan ing Syarahe Imam Muslim. Imam Al Khaththabi ngriwayatake saka Abi Ishaq ing wenange jama’ ing omah kerana ana hajat, senajan ora kerana wedi, ora kerana udan, ora kerana lara, lan kelawan qoul iki dawuh Imam Mundzir. (Bughyatul Mustarsyidin hal. 77).

Kesimpulan.
Shalat jama’ lan qashar nalika wonten ing Arofah utawi Mina  tumrap jama’ah  haji  miturut sawenehing ulama  hukumipun wenang sinaosa sampun muqim wonten Mekkah, dados wenangipun jama’ lan qashar shalat punika bisababin nusuk mboten lissafar jalaran mboten jangkep marhalatain. Sahingga kawenangan punika berlaku kangge penduduk Makkah ingkang dipun sebat Makkiy, menapa dene penduduk sak njawinipun Makkah ingkang dipun sebat Ufuqiy, sae tumrap musafirin menapa dene muqimin kados keterangan ing kitab Al Idlah, kanti illat linnusuk.
Wonten Ulama’ Syafi’iyah ingkang menangaken shalat jama’ nalika kesah kirang saking kalih marhalah, inggih punika   qoul ingkang dipun pilih Syeikh Bandanijiy, dene miturut lahiripun dawuh hadits dipun wenangaken njama’ senaosa mboten nuju kesahan, kados keterangan ing Syarahipun Imam Muslim. Imam Al Khaththabi ngriwayataken saking Abi Ishaq ing wenangipun jama’ senaosa mboten nuju kesahan kerana   hajat, mboten kerana ajrih, mboten kerana jawah, mboten kerana sakit, mekaten dawuhipun  Imam Mundzir.

9. Dam sebab nganggo pakaian kang dijahit nalika ikhram.
Masalah.
Jama’ah haji umumipun saking kalangan umat Islam ingkang tasih sanget awam babakan kawruh langkung langkung masalah ingkang sesambetan kaliyan manasik haji, mila mboten sekedik kedadosan ingkang asifat pelanggaran ingkang sering katindakaken dening jama’ah haji, antawisipun muharramatil ikhram ingkang dipun terjang, amergi pancen katah sanget ingkang kirang dipun fahami dening kaprahipun jama’ah haji. Mekaten ugi sak umpami wonten kesadaran bilih pelanggaran punika wonten damipun, nanging mboten dipun fahami menapa damipun. Kados tiyang ingang dereng tahallul ngagem sruwal utawi pakaian saanesipun ikhram.
Soal.
Menapa dam ingkang kedah ka bayar dening  hajji ingkang nembe ikhram dereng tahallul ngangge pakaian ingkang dipun jahit, kadosta clana dalem umpaminipun  ?

Jawab .
Tiyang menika wajib mbayar dam tahyir wa taqdir, inggih menika milih antawisipun nyembelih menda, utawi shiyam tigang dinten, utawi paring teda tigang sha’ dateng enem tiyang miskin. Kados keterangan saking kitab :
  1. Al  Idlah  hal.  476.
  2. Durusul Fiqhiyyah Al Halaqatur ٌRabi’ah hal.130
  3. Al Bajuri juz I. hal. 332.
  4. I’anatuth Thalibin juz. II. Hal. 324. 
وأمـا ارتـكـاب  المـحـظور فـمـن حـلـق الـشـعـر أو قـلـم ألأظـفـار أولـبس  أو تـطـيـب  أو دهـن الـرأس او اللحـيـة  أو بـاشـر فـيـمـا دون  الـفـرج  بـشـهـوة لـزمـه أن يـذبـح  شاة  او يـطـعـم سـتـة مسـاكـيـن كل مـسكـيـن  نـصف صاع أو يصـوم ثـلا ثـة أيـام وهو مـخيـر بـيـن الأمـور الـثـلا ثـة

“Dene nglakoni perkara kang dilarang, rupane kaya wong kang nyukur rambut, utawa ngethok kuku, utawa nganggo sandangan jahitan, utawa nganggo wewangen, utawa nglengani rambut sirah, utawa jenggot, utawa tumandang ngalap seneng kang sak liyane farji kelawan syahwat, mangka wajib tumrap wong mau nyembelih wedus utawa aweh pangan wong miskin enem, saben seben wong miskn siji, setengah sho’, utawa pasa telung dina, wong kui kena milih antarane perkara telu”.( Al Idlah  hal  476 )
دم الـتـحـيـير والـتـقـديـر هـو شـاة أضـحيـة  أو صـوم ثـلا ثـة أو الـتـصـدق بـثـلاثـة أصـع عـلى سـتـة مـسـاكـيـن أسـبـاب وجـوبـه  ثـمـانـيـة : ألأول الـحـلـق , والـثـاني الـقـلـم ,و الـثـالـث الـدهـن , والـرابـع الـطـيـب , و الخـامـس اللـبـس , والـسـادس الـوطىء
“Dam tahyir lan taqdir iku wedus qurban utawa, utawa pasa telung dina utawa shadaqah telung sha’ kanggo enem wong miskin”.
Dene sebab wajibe dam tahyir lan taqdir iku ana wolu,
1. cukur, 2. ngethok kuku, 3. lelengan, 4. wewangen, 5. nganggo sandangan, 6. wathi …………….
(Ad Durusul Fiqhiyyah Al Halaqatur ٌRabi’ah hal.130).
{ والـثـاني الـدم الـواجـب   الخ } وأفـراده ثـمـانـيـة  دم الـحـلـق , ودم الـقـلـم , ودم اللـبـس , ودم الـدهـن ودم الـطـيـب , ودم الـجـماع الثـانى ...
والـثـاني الـدم الـواجـب   بـالحـلـق  والتـرفـه  وهو عـلى التـحـيـير  امـا شـاة أو صـوم ثـلا ثـة أو الـتـصـدق بـثـلاثـة أصـع عـلى سـتـة مـسـاكـيـن
(Kapindo dam wajib …)  Ijen ijene ana wolu, 1. dam cukur, 2. dam ngethok kuku, 3. dam nganggo sandangan  , 4. dam lelengan, 5. dam wangen wangen, 6. dam wathi ………    Dene dam kang Kapindo iku dam wajib sebab enak enakan yaiku dam tahyir dam kang kena milih, ana kalane wedus, utawa pasa telung dina, utawa shadaqah kelawan telung
 sha’ kanggo enem wong miskin. (Al Bajuri juz I. hal. 332).
Wamitsluhu fi I’anatith Thalibin juz. II. Hal. 324.  

Kesimpulan.
Tiyang ihram ingkang nindakaken muharramatul ihram utawi nerjang larangan ihram ing mangka dereng tahallul punika wajib dam. Dene damipun tiyang ihram  ingkang ngangge sandangan punika dipun wastani dam tahyir wa taqdir, inggih menika milih antawisipun tigang perawis nyembelih menda, utawi shiyam tigang dinten, utawi paring teda tigang sha’ dateng enem tiyang miskin, saben saben tiyang miskin setunggal setengah sha’.

10. Walimah hajji.
Masalah.
Sampun dados pengadatan wonten ing masyarakat, nalika dumugi mangsa bidalan haji, saben calon jama’ah haji ngawontenaken acara muwadda’ah / pamitan haji. Acara kasebat minangka ajanging silaturrahim saha pengaosan ingkang intinipun kangge pamit lan panyuwunan do’a pangestu, dateng sedaya keluarga sanak kadang lan mitra pitepangan. Wonten ugi ingkang ngawontenaken acara syukuran sak sampunipun wangsul saking haji. Wonten mangsa sak lajengipun upacara menika sering sinebat walimatus safar utawi walimatul hajji. Kados kados lajeng dados rerangken   ibadah haji ingkang kedah dipun tindakaken sak derengipun bidal haji.
Soal.
Kados pundi sakestunipun upacara menika menggah tuntunan agami kita ?.

Jawab.
Ningali kasunyatan acara kasebat minangka ajanging silaturrahmi lan ugi wonten ajlis ilmi / pengaosanipun ugi kangge majlis dzikir lan do’a panyuwunan sauger mboten dipun campuri kemakshiyatan,   hukumipun sunnat  jalaran katah manfa’atipun. Lan nalika nembe wangsul saking kesahan mila dipun  sunnataken  ngawontenaken    walimah  dipun wastani walimah naqi’ah. Keterangan saking Kitab :
  1. Qulyubi Juz II hal. 151.
  2. Al Fiqhul Wadlih juz I hal.673.
يــنـدب أن يـحـج  الـرجـل بـأهـلـه وأن يحـمـل هـديـة مـعـه وأن يـأتي اذا عـاد مـن سـفـر ولـو قـصـيـرا بـهـديـة لأهـلـه وأن يـرسـل لـهـم مـن يـخـبـرهـم بـقـدومـه ان لـم يـعـلـمــوا بــه وأن لا يطـرقـهـم لـيـلا وأن يـقـصـد أقـرب مـســجـد فيصـلي فـيـه ركـعـتـيـن سـنـة الـقـدوم  وأن يـصـنـع أهـلــه لــه ولـيـمـة تسـمىالـنـقـيـعـة
“Lan disunnatake sawijine wong iku neja marang keluargane kelawan nggawa hadiyah,  teka  marang wong kang lagi bali seka lelungan senajan mung cedak kanti nggawa hadiyah, lan supaya ana  uwong kang di kongkon  ngabarake tekane,  menawa pancen keluargane durung pada   ngerteni.  Aja marani keluargane ing wektu bengi, lan supaya njujuk ing masjid kang paling cedak lan sholat rong roka’at minangka netepi sunnate teka saka lungan . lan keluarga supaya nggawe walimah kang diarani walimah naqi’ah”.
(Qulyubi Juz II hal. 151).
يـســتحب للحـاج بـعـد رجـوعـه بـلـده أن يـنحـر جـمـلا أو بــقــرة أو يـذبـح شــاة للـفــقــراء والـمـســاكـيـن والـجـيـران وألأخـوان تـقـربـا الى الله عـز وجـل كـمـا فـعـل الـنـبي صـلى الله عـلـيـه وسـلـم
“Disunnatake kanggo wong kang lagi mulih marang desane seka lunga haji nyembelih unta utawa sapi, utawa wedus, anggo wong wong feqir, miskin lan tangga teparone lan uga sanak kadange, minangka kanggo taqorrub marang Allah Azza  wa Jalla, kaya ang di tindakake dening Nabi Sallallahu ‘alaihi wa sallam”.       (Al Fiqhul Wadlih juz I hal.673).
Kesimpulan.
Pengadatan masyarakat ngawontenken upacara Pamit haji utawi syukuran kundur haji kanti ngleksanaaken majlis dzikir lan do’a saha majlis ilmi kanti pengaosan,  punika sampun sae, amergi ing ngriku saget kagem sarananipun ta’awun, ta’allum, tasyakkur, lan taqorrub lan ta’abud dateng Allah.   Sauger mboten lelangkungan  jalaran hukumipun mila sunnat ngawontenaken walimah nalika nembe dumugi saking kesahan kados ingkang katindakaken dening Kanjeng Nabi, dene naminipun walimah Naqi’ah, mung mawon kedah dipun jagi ampun ngatos kecampuran kemakshiyatan.

11. Keharamane Bumi Madinah.
Masalah.
Istilah haramain menika sampun maklum maksudipun bumi haram Makkah lan Madinah, kekalihipun dados tujuan  ummat Islam ingkang sami nindakaken Ibadah haji. Kekalihipun anggadahi   kehurmatan lan fadhilah ingkang mboten dipun miliki masjid sanes. Nanging bab keharamanipun menapa sami ? Wonten wekdal wekdal ingkang mboten kenging kangge shalat sunnat ingkang tanpa sabab kejawi wonten ing haram Makkah, Ing riku mboten nate nyebat Madinah. Ing angka wonten istilah haromain Makkah Madinah.
Soal.
Kados pundi estunipun keharamanipun Madinah menapa sami kaliyan keharamanipun Makkah ? sambetipun kaliyan nindakaken shalat shalat sunnat muthlak wonten ing papan kekalihipun, saha fadlilahipun kangge nindakaken shalat?.
Jawab.
Mboten sami antawis haramipun Makkah lan Madinah , wonten ing bab wenangipun shalat sunnat ing wekdal wekdal karohah. Wonten ing Madinah tetep dipun makruhaken dene wonten ing Makkah dipun wenangaken. Kados keterangan ing kitab Al Bajuri Juz I hal. 191.
وخـرج بحـرم مـكـة حـرم الـمـديـنـة  فـهـو كـغـيـره وكـذلك بـيـت الـمـقـدس فـلا تـسـتـثـنى الـصـلا ة فـيـهـمـا نـعـم الـصـلا ة فى حـرم مـكــة خـلا ف أولى في هـذه ألأوقـات الـمـكـروهـة 
Lan kejaba harame Mekkah, harame Madinah, Madinah iku pada wae karo liyane mengkono uga Baitul Muqaddas, mangka ora di jaba ake shalat ing karone Madinah lan Baitil Muqaddas. Dene shalat ing Makkah iku mung dihukumi khilaful aula (nulayani kautaman) ana ing wektu wektu makruhah iki”
(Al Bajuri juz. I hal. 191-192).
Dene fadlilahipun kangge tumandang ibadah shalat ugi cetha bentenipun adedasar dawuh hadist kados ing keterangan saking kitab :
Al Qira liqashidi Ummil Qura hal. 656.
عـن أبي هريرة قال : قــال رسـول الله صلى الله عليه وسلم : صـلا ة  فى مـسـجـد ي هـذا أفـضـل من  ألـف صـلا ة  فى غـيـره مـن الـمـسـاجـدالا مـسـجـد الـحـرم  و صـلا ة  فى ذلك أفـضـل مـئـة   صـلا ة  فى هـذا يـعنى مـسـجـد الـمـديــة      أخرجه أحـمـد
Hadits diriwayatake saka Abi Hurairah RA. : Panjenengane ngendika :  Kanjeng Rasulullah Sallallahu ‘alaihi wasallam wis dawuh : “Shalat ing masjid Ingsun iki, luwih utama katimbang sewu shalatan ing masjid masjid  liyane, kejaba Masjidil Haram, shalat ing Masjidil Haram luwih utama katimbang satus shalat ing masjid iki,  ya  masjid Madinah” (HR.Ahmad).
Al Qira liqaashidi Ummil Qura hal. 656.

Kesimpulan.
Jelas mboten sami antawis haramipun Makkah lan Madinah, saking arah hukum   ing bab wenangipun nindakaken shalat sunnat ing wekdal wekdal karohah. Wonten ing Makkah dipun wenangaken, dene wonten Madinah tetep dipun makruhaken . Mekaten ugi ing bab fadlilahipun ugi benten shalat wonten ing Madinah langkung utami tikel kaping sewu katimbang wonten ing masjid masjid sanes,  kejawi Masjidil Haram. Shalat wonten Masjidil Haram kautamenipun  satus tikelan katimbang wonten masjid Nabawi ing Madinah. 

12. Shalat ing Perluasan Masjid.
Masalah.
Papan pengibadahan wonten ing pundi kemawon mangsa menika tentu ngalami perluasan kerana kawontenan kapasitas ingkang sampun mboten nyekapi kagem nampung jama’ah, langkung langkung masjid masjid tilaran sejarah. Kalebet masjid Nabawi ing Madinah lan masjid masjid sanesipun, tentu sampun katah ngalami ewah ewahan amergi dipun bangun lan dipun wiaraken, amrih saget nyekapi kapasitasipun kagem nampung jama’ah. Sahingga tiyang ingkang saget nindakaken ibadah wonten ing papan aslinipun tentu sanget winates jumlahipun. Ing mangka wonten dawuh dawuh hadits ingkang sambet kaliyan fadlilahipun  ibadah ingkang katindakaken ing  papan kasebat. Dawuh menika namung berlaku kala semanten, menapa ugi tetep berlaku ngantos sepanjang wekdal.

Soal.
Kados pundi   shalat ing Masjid Nabawi ing mangsa sak menika, ingkang mboten wonten ing aslinipun masjid Nabawi jalaran sampun dipun perluas, menapa pikantuk fadlilah kados dawuhipun Kanjeng Nabi ?

 Jawab.
Dawuh dalem Kanjeng Rasulullah Sallallahu ‘alaihi wasallam
صـلا ة  فى مـسـجـد ي هـذا أفـضـل من  ألـف صـلا ة  فى غـيـره مـن الـمـسـاجـدالا مـسـجـد الـحـرم  …………..

“Shalat ing masjid Ingsun iki, luwih utama katimbang sewu shalatan ing masjid masjid  liyane, kejaba Masjidil Haram….....”.
Punika tetep lumampah   sepanjang mangsa mboten namung kagem nalika dawuh, tegesipun shalat ing masjid ingkang sampun ngrupekaken perluasan ugi pikantuk kautaman kados ingkang kadawuhaken Kanjeng Rasulullah Sallallahu ‘alaihi wasallam , dados mboten namung kangge masjid asli ingkang kabangun dening Kanjeng Nabi kemawon, sinaosa sampun kawiaraken  dumugi sepinten kemawon fadlilahipun ugi tetep saget dipun gayuh sinaosa mboten wonten ing papan asli masjid ingkang kabangun Kanjeng Rasulullah Sallallahu ‘alaihi wasallam. Keterangn saing kitab :
Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 681. ing Bab 45.
ماجاء أن الفضـل الـثـابت لمـسـجـد رسـول الله صلى الله عليه وسلـم ثـابت لمـا زيـد فـيه  عـن أبي هـريـرة  رضي الله عـنـه  قـال : قــال رسـول الله صلى الله علـيه وسـلــم : لـو بني هـذا الـمـسـجـد الى الـصـنـعـاء كان مـسـجـدي ـ و كان أبي هـريـرة  يـقـول : ظهـر الـمـسـجـد كـقـعـره , وروى غـيـره مـرفـوعـا أنـه قـال : هـذا مـسـجـدي ومـا زيـد فـيه فـهـو مـنـه ولـو بـلـغ صـنـعـاء كان مـسـجـدي
Hadits diriwayatake saka Abi Hurairah Radliyallahu ‘anhu  : Panjenengane  kanda :  Kanjeng Rasulullah Sallallahu ‘alaihi wasallam wis dawuh : “Umpama masjid iki dibangun nganti tumeka tanah Shan’a, iki tetep masjid Ingsun “ .
Abu Hurairah Radliyallahu ‘anhu  ngendika :
“Njabane masjid iku uga kaya njerone masjid” .
Shahabat liyane uga ngriwayatake hadits    marfu’ tumeka Kanjeng Nabi Sallallahu ‘alaihi wasallam, Panjenengane ngendika : “Iki masjid Ingsun, ngendi wae kang di tambahake iku uga kalebu masjid Ingsun, senajanta tumeka tanah Shan’a tetep wae iki masjid Ingsun”.(Al Qira hal. 681).
Kesimpulan.
Shalat wonten ing masjid Nabawi ingkang sampun diperluas punika tetep saget pikantuk fadlilah lan kautaman kados dene shalat wonten ing masjid ingkang tasih asli. Fadlilah shalat ing papan   ingkang sampun ngrupeaken perluasan, punika sami kalian  fadlilah masjid aslinipun ingkang kabangun dening Nabi. Dados dawuh Kanjeng Nabi ngengingi kautamanipun shalat ing masjid Nabawi punika tetep berlaku sepanjang masa sinaosa masjid dipun bangun kanti dipun wiaraken dumugi pundi mawon. Mboten namung kangge papan asli ingkang kabangun dening Kanjeng Nabi kala semanten kemawon. Malah kepara sinaosa mboten wonten lebetipun bangunan masjid, kados wonten ing plataranipun masjid kerana jama’ah ingkang mbludak dumugi sak njawining masjid, tetep mawon saget nggayuh fadlilah kados kersanipun dawuh Nabi, miderek dawuh ngendikanipun Abu Hurairah    Radliyallahu ‘anhu : 
ظهـر الـمـسـجـد كـقـعـر ه
“Njabane masjid iku uga kaya njerone masjid” .

13.   Shalat ing hijir Isma’il ngandap mizab.

Masalah.
Ing antawisipun sunnat sunnatipun thawaf punika shalat sunnat sak sampunipun thawaf wonten ing maqam Ibrahim utawi ing hijir Isma’il ing ngandap mizab utawi talang mas, perkawis menika sanget dipun idamaken dening para jama’ah haji, ngantos dipun rencangi desekan amergi katahipun jama’ah. Tentu nindakaken shalat sunnat wonten ing Hijir Isma’il punika sanget ageng fadlilah ipun. Nanging ugi wonten ulama ingkang anggadahi pemanggih bilih shalat ing Hijir Isma’il punika mboten wonten dasaripun malah tindakan menika dipun anggep minangkasatunggaling kebodohan. Kasunyatan ugi mboten saget dipun selaki, bilih katahipun jama’ah sami ngajengaken shalat wonten ing papan kasebat lan ugi kasunyatan mboten wonten awisan.

Soal.
Kados pundi hukumipun shalat wonten ing Hijir Isma’il ing ngandapipun Mizab lan ing wingking Maqam Ibrahim ?.

Jawab.
Shalat sunnat kalih raka’at sak sampunipun rampung thawaf
punika hukumipun sunnat, langkung utami malih menawi wonten ing Khalfal Maqam utawi ing Hijir Isma’il, dene runtutipun ingkang langkung utami ing  Khalfa Maqam Ibrahim, lajeng wonten ing lebet Ka’bah, wonten ing Hijir Isma’il, lan wonten ing Masjidil Haram,   kados keterangan saking kitab : 
1. Al Idlah  hal 245.
2. Syarhul Idlah hal. 288.
3. Al Bajuri juz. 314.
4. I’anatuth Thalibin Juz. 300.
والـسـنـة  أن يـصـلـيـهـمـا خـلـف الـمـقـام  فـأن لـم يـصـلـهـما خـلـف الـمـقـام  لـزحـمـة  أو غـيـرهـا صـلا هـمـا في الـحـجـر  فـأن لـم يـفـعـل فـفي الـمـسـجـد والا فـفي الـحـرم  والا فخـارج الـحـرم
“Sunnate iku shalat rong raka’at ing mburine Maqam Ibrahim, yen ora isa ing mburine Maqam Ibrahim kerana desekan utawa sebab liyane, supaya shalat ing Hijir Isma’il, yen ora bisa nindakake ing kono  ya ing Masjidil  Haram, yen ora bisa ya ing tanah haram”.  ( Al Idlah  hal 245 ).
(قـولـه في الـحـجـر) أي تـحت الـمـيـزاب  كـمـا فى الـمـجـمـوع وغـيـره فـهـو أفـضـل أجـزاء الحـجـر لـقـول أبـن عـبـاس رضي الله عـنـهمـا : أنـه مـصـلى ألأخـيـار
(Dawuhe Ibnu Hajar : Ing Hijir ) tegese ing ngisore talang kaya keterangan ing kitab Majmu’ lan liyane, Hijir Isma’il iku luwih utamane bagiane Ka’bah, kerana dawuhe Ibnu Abbas, Radliyallahu ‘an huma, : Yen sejatine Hijir Isma’il iku  pilihane  papan   shalat ”.( Syarhul Idlah hal. 288 ).
و أن يـصـلـي بـعـده  ركـعـتـيـن  وألأولـى  فـعـلهـمـا خـلـف الـمـقـام  فـفى الـحـجـر فـفي الـمـسـجـد فـفي الـحـرم  فحـيـث شـاء متى شـاء ولا يـفـوتـان الا بـمـوتـه
“Lan supaya shalat sak wise rampung thawaf kelawan rong raka’at, kang luwih  utama nindakake shalat rong raka’at iku ana ing mburine Maqam Ibrahim, nuli ing Hijir Isma’il, nuli ing masjid Haram, nuli ing tanah haram, ing endi wae karep lan kapan wae karep, ora pot sunate shalat rong raka’at kui, kejaba sebab matine wong ang thawaf” (Al Bajuri juz.314 ).
Dipun riwayataken dening Imam Ahmad saking Said ibnu Jubair  saking   A’isyah    Radliyallahu ‘anha.    Panjenengane Matur marang  Kanjeng Nabi :
يـا رســو ل الله  كـل أهــلـك تـداخـلـت  الـبـيـت : قـال : أرسـلي الى سـلـيـمـة  فـيـفـتـح لـك الـبــاب  فـأرسـلـت الـيـه , فـقـال سـلـيـمـة : مـا اسـتـطـعـنـا فـتـحـه في الـجـاهـلـيـة وألأسـلا م بـلـيـل  فـقـال الـنـبـي صلي الله عليه وسلـم في الحـجـر فـأن قـومك عـصـروا في بـنـاء الـبـيـت
“Duh Rasulullah ! sedaya garwa Panjenengan sanesipun kula sampun nate sami lumebet ing Baitullah, Rasulullah lajeng dawuh : Sliramu kongkona marang Salimah (Juru kuncine Ka’bah ) supaya mbukakake  lawange Ka’bah kanggo sliramu.  Aku banjur kongkonan marang Salimah . Nuli Salimah kanda : “Kula mboten sanggup mbika pintu Ka’bah sami ugi ing   zaman jahiliyah lan  ing zaman Islam wonten ing wanci dalu”.
Kanjeng Nabi lajeng ngendika :
“Shalata sira ing Hijir Isma’il, jalaran saktemene kaum ira iku wis nyilik ake Ka’bah nalika pada mbangun “. ( HR.Ahmad ).
Dados shalat ing Hijir Isma’il punika kautamenipun sami kaliyan shalat ing lebet Ka’bah. Shalat ing Hijir Isma’il punika dipun sunnataken sak sampunipun rampung thawaf, amergi kalebet sunnatipun thawaf.
Imam Bukhari ngriwayataken hadist bilih Kanjeng Nabi nindakaken shalat sunnat kalih raa’at bakda thawaf wonten ing khalfal maqam.
  عن عمرو بن دينار قال: سمعت ابن عمر رضي الله عنهما يقول:
قدم النبي صلى الله عليه وسلم فطاف بالبيت سبعا، وصلى خلف المقام ركعتين، ثم خرج إلى الصفا، وقد قال الله تعالى: "لقد كان لكم في رسول الله أسوة حسنة"
Diriwayatake saka Amr bin Dinar, deweke kanda :
Aku tau krungu Ibnu Umar Radliyallahu ‘anhuma iku ngendika : “Kanjeng Nabi nalika rawuh ing Masjidil haram langsung thawaf ing Baitullah ambal kaping pitu, nuli shalat rong raka’at ing mburine Maqam Ibrahim, nuli metu tumuju marang Shafa, Lan temenan Allah Ta’ala wis dawuh : “Yekti temenan ing pribadine Nabi Sallallahu ‘alaihi wa sallam utusane Allah iku maujud tulada kang bagus “( HR.Al Bukhari no. 154  ).

Kesimpulan .
Shalat sunnat ing Hijir Ismail lan Khalfal Maqam punika hukumipun sunnat sak sampun nyampurnakaken thawaf, kerana nderek tindakipun Nabi Sallallahu ‘alaihi wa sallam. Dene shalat ing Hijir Isma’il punika kautamenipun sami kaliyan shalat ing lebet Ka’bah. Runtutipun papan ingkang ageng fadlilahipun inggih punia, ing mburine Maqam Ibrahim, nuli ing Hijir Isma’il, nuli ing masjid Haram, nuli ing tanah Haram.

14. Shalat ing Raudlah.
Masalah.
Raudlah punika sawenehing papan ingkang sanget minulya wonten ing Madinah, sahingga ummat Islam ingkang dumugi Masjid Nabawi tentu sami merdi merdi ngupaya amrih saget nindakaken ibadah wonten ing Raudlah punika kanti shalat utawi do’a utawi maos maos dzikkir. Sinaosa kedah kanti rekaos amergi desekan lan suk sukan umat Islam sami berusaha saget wonten ing papan kasebat. Tentu amergi wonten keyakinan bilih papan menika sanget istimewa kangge nindakaken ibadah lan ndunga dateng Allah, ndadosaken sugesti tumrap ingkang saget ngibadah
wonten ing papan menika. 
Soal.
Menapa estunipun Raudlah punika? Lan  kados pundi hukumipun nindakaken shalat wonten ing Raudlah punika ?.
Jawab.
Raudlah punika satunggaling panggenan ing masjid Nabawi ing antawisipun makam lan mimbaripun Nabi ingkang tansah kangge shalat lan ibadah kanjeng Nabi lan para shahabatipun, ugi papan kangge turunipun wahyu. Kados dawuh Nabi ingkang nyebataken :
عن أبي هريرة أن رسول الله صلى الله عليه وسلم قال ما بين بيتي ومنبري روضة من رياض الجنة ومنبري على حوضي
Diriwayatake saka Abi Hurairah RA. Sejatine Rasulullah Sallallahu ‘alaihi wa sallam iku ngendika : “Antarane dalemku lan mimbarku ana pertamanan saka pertamanane swarga, dene mimbarku  ana ing khaudhku (telaga)”.(HR.Bukhari Muslim).
Karana sanget mulyanipun papan menika sahingga saben tiyang kepingin nindakaken ibadah ing papan kasebat. Dene fadlilahipun kados keteranganipun Imam Nawawi ing Kitab Al Idlah : hal. 467.
وفى الـصـحـيـحيـن عن أبي هريرة رضي الله عـنـه عـن   رسول الله صلى الله عليه وسلم  قـال : { منبري على حوضي} قـال ألأمام الـخـطابي : مـعـنـاه مـن لـزم الـعـبـادة  عـنـد منبري يـسـقى مـن  الـحـوض  يـوم الـقـيـامـة 
“Lan kasebut ing kitab Shahih Bukhari Muslim,
Diriwayatake saka Abi Hurairah RA. Saka Rasulullah Sallallahu ‘alaihi wa sallam Panjenengane  iku ngendika :
(mimbarku iku ana ing khaudhku) Imam Al Khaththabi ngendika : Maknane dawuh hadits kui : “Sing sapa wonge netepi ngibadah ing sandinge mimbar ku, mangka wong iku bakal diombeni saka banyune telaga ku mbesuk dina qiyamat” (Al Idlah : hal. 467).
Syaikh Ibnu Hajar Al Haitami ugi ngendika ing Syarhul Idlah hal. 493.
ثــم يـأتي الـروضـة  ويـكـثـر فـيـهـا مـن الـدعـاء والـصـلا ة  وثـبـت  فى الـصحيحيـن  عن أبي هريرة رضي الله عـنـه  أن رسول الله صلى الله عليه وسلم  قـال :{ ما بين بيتي ومنبري روضة من رياض الجنة ومنبري على حوضي } ويقــف عـنـد الـمــبـرويــدعـو
“Nuli swijine wong kui nekani ing Raudlah, lan ing kono ngakeh ngakehake dungo lan shalat, Lan wis tetep dawuh Nabi kang kasebut ing kitab Shahih Bukhari Muslim, Diriwayatake saka Abi Hurairah RA. Saktemene  Rasulullah Sallallahu ‘alaihi wa sallam     ngendika :
“Antarane dalemku lan mimbarku ana pertamanan saka pertamanane swarga, dene mimbarku iku ana ing khaudhku (telaga)”. Lan wong mau supaya ngadek ing sandinge mimbar lan ndunga” ( Syarhul Idlah hal. 493).
Kesimpulan.
Raudlah punika satunggaling panggenan ing masjid Nabawi ing antawisipun makam lan mimbaripun Kanjeng Nabi ingkang tansah kangge shalat lan ibadah kanjeng Nabi lan para shahabatipun, ugi papan kangge turunipun wahyu, kados keterangan hadits riwayat Imam Bukhari Muslim.  Imam Al Khaththabi ngendika : Maknane dawuh hadits kui : “Sing sapa wonge netepi ngibadah ing sandinge mimbar ku, mangka wong iku bakal diombeni saka banyune telaga ku  mbesuk dina qiyamat” . Karana sanget mulyanipun papan kasebat mila memper lajeng sedaya tiyang Islam ingkang dumugi Madinah kumedah kedah dumugi wonten ing Raudlah punika. Jalaran ugi dipun sugesti kanti hadits dawuh dalem Kanjeng Nabi SAW. ing hadits ingkang shahih riwayat Imam Bukhari Muslim. Ingkang dawuh sok sintena tiyang ingkang saget shalat lan ndunga wonten ing ngriku mbade dados lantaranipun dumugi swarga lan ngunjuk toya tlaganipun Kanjeng Nabi.

15. Shalat Arba’in ing Masjid Nabawi.
Wonten satunggaling amaliyah tumrap jama’ah haji ingkang sanget dipun tengenaken, ing mangka sakestunipun amaliyah punika mboten kalebet manasik haji. Inggih punika shalat fardlu 40 wedal ing Masjid Nabawi secara berturut turut ingkang lajeng dipun wastani shalat Arba’in. Nalika jama’ah haji ziarah wonten ing Madinah mila amaliyah ingkang langkung wigatos inggih shalat Arba’in punika. Wedal muqimipun ing Madinah ugi namung pas kagem nindakaken shalat Arba’in punika. Tentu sedayanipun jalaran wonten dawuh ingkang sanget ndorong dateng Jama’ah haji nggayuh fadlilah amaliyah punika. Mboten sekedar gugon tuhon nanging terang lan gamblang wonten dawuh tuntunanipun. Bilih bumi haramain punika mila namung Mekah lan Madinah. Mekaten ugi masjid Haromin punika Masjidil Haram lan Masjid Nabawi ing Madinah Al Munawwarah.
Soal.
Kados pundi tuntunanipun lan fadlilahipun shalat Arba’in ing masjid Nabawi punika ?.
Jawab.
Nindakaken ibadah Shalat wonten Masjid Nabawi, punika   mila kalebet amaliyah ingkang sanget dipun anjuraken dening syari’at agami kita, langkung langkung kangge saben saben tiyang ingkang ziarah wonten Madinatun Nabi amergi fadlilahipun ingkang tikel matikel ngantos kaping sewu kabanding masjid sanes kejawi  Masjidil Haram.
Kados keterangan ing hadits dawuh dalem Kanjeng Nabi.
عـن أبي هريرة  قال : قــال رسـول الله صلى الله عليه وسلم : صـلا ة  فى مـسـجـد ي هـذا أفـضـل من  ألـف صـلا ة  فى غـيـره مـن الـمـسـاجـدالا مـسـجـد الـحـرم  و صـلا ة  فى ذلك أفـضـل مـئـة   صـلا ة  فى هـذا يـعنى مـسـجـد الـمـديــة      أخرجه أحـمـد
Hadits diriwayatake saka Abi Hurairah RA. : Panjenengane ngendika :  Kanjeng Rasulullah Sallallahu ‘alaihi wasallam wis dawuh : “Shalat ing masjid Ingsun iki, luwih utama katimbang   shalat kaping sewu ing  masjid masjid  liyane, kejaba Masjidil Haram, shalat ing Masjidil Haram luwih utama katimbang satus shalat ing masjid iki,  ya  masjid Madinah” (HR.Ahmad). Al Qira liqaashidi Ummil Qura hal. 656.
Imam Muslim ugi ngriwayataken hadits ingkang sami isinipun kaliyan hadits ngajeng wau:
عن أبي هريرة قال قال رسول الله صلى الله عليه وسلم
صلاة في مسجدي هذا خير من ألف صلاة  في
غيره من المساجد إلا المسجد الحرام
Diriwayatake saka Abi Hurairah RA. : Panjenengane ngendika :  Kanjeng Rasulullah Sallallahu ‘alaihi wasallam wis dawuh : “Shalat ing masjid Ingsun iki, luwih utama katimbang   shalat kaping sewu ing  masjid masjid  liyane, kejaba  Masjidil Haram. (HR.Muslim).
Imam Nawawi ugi dawuh ing kitab Al Idlah :
يـنـبغى لـه  مـدة  اقـامـتـه  بـالـمـديـنـة  أن يـصـلي الـصـلـوات الـخـمس  كـلـهـا بـمـسـجـد رسـول الله صلى الله عليه وسلم و يـنـبغى لـه  أن يـنـوي الأعـتكاف فـيـه كـمـا قـدمـنـاه فى الـمـسـجد الـحـرام
“Prayoga tumrap wong kang ana Madinah sak suwene ana ing Madinah shalat limang wektu kabehe dilakoni ana ing masjide   Kanjeng Rasulullah Sallallahu ‘alaihi wasallam, lan prayoga niyat I’tikaf ana ing masjid kono kaya katerengan kang wus disik ing masjidil Haram”
( Al Idlah : 456 ).
Ugi wonten  keterangan ingkang sami  kita   panggihaken wonten ing kitab Al Qira li Qaashidi Ummil Qura  :
يـنـبغى ألا تـفـوتـه صـلا ة مـكـتـوبـة  مـع الـجـمـاعـة  فى مـسـجـده مـدة  اقـامـتـه  فـيـه
“Lan prayoga aja nganti kepotan salat ferdlu ing masjid Nabawi kelawan jama’ah selagine isih manggon ana ing Madinatun Nabi” (Al Qira liqaashidi Ummil Qura 679).
Dene shalat arba’in wonten Masjid Nabawi sanget dipun anjuraken kanti dawuh ingkang langkung mligi, jalaran ageng sanget fadlilahipun kados keterangan ing hadits dawuh dalem Kanjeng Nabi: 
عن أنـس بن مـالك رضي الله عــنـه أن رسول الله صلى الله عليه وسلم   قـال : من صـلى   في مسجدي أربـعـيـن صلاة لا تـفـوتـه صلاة  كـتـب لـه بـراءة  مـن الـنـار و بـراءة  مـن الـعـذاب  وبـريء  مـن الـنـفـاق
Diriwayatake saka Anas bin Malik RA. : Satemene   Kanjeng Rasulullah Sallallahu ‘alaihi wasallam wis dawuh : “Sing sapa wonge shalat ing masjid Ingsun iki, kelawan patang puluh shalatan , tanpa kepotan shalat siji wae, mangka wong mau bakal dicatetbebas seka neraka,   bebas saka siksa lan uga lebaran saka shifat munafiq” (HR.Ahmad).   (Al Qira : 677).
Kesimpulan.
Shalat wonten ing masjid Nabawi sanget dipun anjuraken amergi fadlilahipun langkung utami katimbang shalat kaping sewu   ing masjid sanes, kejawi masjidil haram. Mekaten ugi shalat fardlu katindakaken sekawan dasa wekdal kanti mboten pedot  wonten ing masjid Nabawi   ingkang dipun sebat  Shalat Arba’in. Fadlilahipun saget mbebasaken saking neraka lan siksa ugi sifat kemunafikan. 

16. Ziarah  makam Rasulullah SAW.
Masalah .
Ziarah ing Madinatul Munawwarah langkung langkung ing maqam Rasulullah punika sanget dipun sayogyakaken kangge para jama’ah haji, ngantos prasasat ziarah Madinah menika kados dene perangan saking manasik haji. Nanging kedah dipun fahami bilih ziarah lan sedaya pengibadahan ing Madinah menika mboten wonten sambetipun kalian manasik haji. Ananging ngengeti agungipun fadlilah nindakaken ibadah ing masjid Nabawi, amergi kalebet papan suci saha minulya awit sabda Nabi, mila lajeng sami dipun seja dening sedaya jama’ah ingkang nindakaken haji sami ziarah lan jama’ah ing Masjid Nabawi punika. Mekaten ugi ziarah ing maqam Nabi ingkang dumunung wonten Masjid Nabawi punika kalebet ibadah ingkang wigatos. Kangge nglahiraken mahabbah dateng Nabi saha ngaturaken shalawat lan salam langsung saking caketipun maqam Nabi, ingkang sanget gamblang  dipun dawuhaken dening Allah wonten ing kitab suci Al Qur’an. Ananging wonten ugi ingkang nganggep bilih ziarah maqam Nabi saget ndumugekaken dateng kemusyrikan.

Soal.
Kados pundi hukumipun Ziarah   ing maqam Nabi wonten ing Madinatul Munawwarah menika ?
Jawab.
Ziarah ing Maqam Rasulullah Sallallahu ‘alaihi wasallam punika hukumipun sunnah lan kalebet ahammil qurubat. (penting pentinge ibadah kepareg marang  Allah).
Keterangan saking kitab :
Al Idlah hal. 447.
I’anatuth Thalibin juz. II. Hal. 313.
Syaraful Ummatil Muhammadiyyah hal. 26.
Imam Nawawi ngendika bilih kangge tiyang ingkang sampun kaleksanan nindakaken ibadah haji, nalika bidal nilaraken Makkah supados nuju wonten ing Madinah perlu ziarah, jalaran agungipun kautaman.
 1.   أذا أنـصـرف الـحـجـاج  والـمـعتـمـرون من مـكـة فـلـيـتـوجـهـوا الى مـديـنـة رسـول الله صلى الله عـلـيـه وسـلـم لـزيـارة تـربـتـه صلى الله عـلـيـه وسـلـم فـأنـهـا مـن أهـم الـقـربـات وأنـجح الـمـسـاعى وقـد روى الـبـزار والـدار الـقـطنى بـأسـنـاد هـمـا عـن ابـن عـمـر رضي الله عـنهـمـا قـال : قـال رسـول الله صلى الله عـلـيـه وسـلـم : مـن زار قـبـري وجـبـت لـه شـفـاعـتي
1. Nalika para Jama’ah haji lan  mu’tamirin  pada  budal  saka Makkah,   supaya   pada tumuju marang Madinatur Rasul Sallallahu’alaihi wa sallam, kerana ziarah   bumine  Rasul Sallallahu’alaihi wa sallam, jalaran ziarah Madinah iku kalebu setengah saking luwih wigatine ibadah kepareg lan luwih kasile penggawean. Imam Al Bazar lan Dara Quthni RA. ngriwayatake hadits saka Ibnu Umar Radliyallahu ‘anhuma, Panjenengane Ngendika : Rasulullah Sallallahu’alaihi wa sallam   wis dawuh : “Sing sapa wonge ziarah qubur Ingsun, mangka wajib tumrap wong kui oleh syafa’at Ingsun”  (Al Idlah hal. 447).
2 . والـحـاصـل زيـارة  قـبـر الـنـبي  صلى الله عـلـيـه وسـلـم من
أفضـل الـقـربـات فـيـنـبـغي أن يحـرص عـلـيـهـا ولـيـحـذر كل
 الحـذر مـن الـتـخـلـف عـنـهـا مـع الـقـدرة وخـصـوصـا بـعـد حـجة الأسـلام  لأن  حـقـه  صلى الله عـلـيـه وسـلـم عـلى أمـتـه عظـيـم 
2.  Al hasil ziarah qubur Nabi   Sallallahu’alaihi wa sallam, kalebu luwih utamane ibadah kepareg, mula prayoga supaya ngreksa aja nganti ninggalake ziyarah iki ing mangka deweke kuasa apa maneh wis kaleksanan nindakake ibadah haji, jalaran hake Nabi   Sallallahu’alaihi wa sallam marang umate iku agung banget.( I’anatuth Thalibin juz.II. Hal. 313 ).
Sayyid Muhammad bin Sayyid Alwi Al Maliki ulama Makkah ngendika ing kitabipun Syaraful Ummatil Muhammadiyyah bilih setengah saking kautamanipun umat menika lan benten kaliyan ummat sanes amergi qubur mulyanipun Nabi lan Bendara kita Sallallahu’alaihi wa sallam punika maklum kinaweruhan menggah kita kanti yaqin, sahingga umat ipun saget dumugi sinaosa kanti awrat lan rekaos nempuh perjalanan ingkang sanget tebih perlu ziarah ing papan mulya kasebat. Jalaran maqam menika papan ingkang sanget mulya minanga papan tumurunipun rahmat saking ngarsanipun Allah saben wekdal. Kados dawuhipun :
فـالـقـبـر الـشـريـف  مـوضــع تـنـزل الـرحمـة  الألـهـيـة كـمـا جـاء في الـحـديـث عـن كـعـب  رضى الله عـنـه :{ مـا مـن فـجـر يـطـلـع الا ويـنـزل سـبـعـون ألـفـا مـن الـمـلا ئـكـة حتى يحـفوا بـالـقـبـر يـضـربـون بـأجـحـتـهـم ويـصـلـون على الـنـبي حتى اذا أمـسـوا عـرجـوا وهـبـط سـبـعـون ألـفـا  حتى يحـفوا بـالـقـبـر يـضـربـون بـأجـحـتـهـم ويـصـلـون على الـنـبي سـبـعـون ألـفـا  بـالـيـل  و سـبـعـون ألـفـا  بـالـنـهـار }
Qubur mulya (makam Rasul) iku panggonan  tumurune rahmate Pangeran kaya keterangan ing hadits kang diriwayatake saka Ka’ab Radliyallahu ‘anhu : “ Ora mletek fajar kejaba mesti tumurun 70.000 malaikat nganti pada ngepung ing qubure Kanjeng Nabi Sallallahu’alaihi wa sallam, nuli pada miber kelawan swiwine lan pada maca shalawat kanggo Kanjeng Nabi nganti tumeka wektu sore, nuli para malaikat mau pada bali munggah. Banjur tumurun 70.000 malaikat   liya sahingga pada ngepung ing qubure Kanjeng Nabi Sallallahu’alaihi wa sallam .  kelawan swiwine lan pada maca shalawat kanggo Kanjeng Nabi 70.000 malaikat ing wektu bengi lan 70.000 malaikat ing  wektu  rina”. (Syaraful Ummatil Muhammadiyyah hal. 26).
Ziarah makam Rasul ugi kerana ngaturaken shalawat ing ngarsa dalem Kanjeng Nabi saking sak  caket kuburipun amergi ageng sanget kautamenipun, kados keterangan hadits riwayatipun Imam Bukhari :
مـن صـلى عـنـد قـبـرى وكـل الله بـهــا مـلـكا يـبـلـغـنى وكـفى امـر دنـيـاه وأخـرتـه وكـنـت لـه شـفـيـعا أو شـهـيـدا يـوم الـقيـامـة
“Sing sapa wonge maca shalawat ana ing sandinge kubur  ku, mangka Allah masrahake shalawat mau marang Malaikat kang nekakake marang aku , lan Allah bakal nyukupi perkara dunyane lan akhirate wong mau, lan Aku bakal maringi syafa’at utawa nekseni wong mau mbesuk dina qiyamat”. (HR.Al Bukhari).(I’anatuth Thalibin juz. II. Hal. 313).

Kesimpulan.
Ziyarah Makam Rasul punika dipun sunnataken langkung langkung tumrap tiyang ingkang nindakaken haji utawi umrah sanget dipun prayogekaken ziyarah wonten ing  Madinah perlu ziarah masjid Nabawi lan maqam Nabi amergi  kalebet  saweneh  saking  ahammil  qurubat.  Kanti anggenipun shalat ing Masjid Nabawi saha maos  shalawat ing makam mulya Nabi.

17. Muhrimah nganggo masker.
Masalah.
Jama’ah haji Indonesia katah ingkang anggenipun tata tata kangge nyawisaken perlengkapan haji wiwit saking tanah air, kalebet anggenipun antisipasi kawontenan lan iklim wonten ing tanah suci. Nalika wonten Madinah ingkang sanget arep udaranipun, wonten ing Arofah nalia wukuf lan mabit ing Muzdalifah oro oro ingkang terbuka, lan wonten ing Mina lan sak pinunggalanipun. Ing antawisipun nalika ihram katah wonten ing papan ingkang terbukakatah bleduk. Kangge ngirangi pengaruh awon tumrap kesehatan dipun anjuraken ngagem masker ingkang sampun kacawisaken wiwit saking griya. Ing mangka masker menika nutupi sebagian sirah, sahingga tumrap tiyang putri muhrimah nuwuhaken keraguan.
Soal.
Ados pundi hukumipun tiyang estri ingkang nembe ihram (muhrimah) ngangge masker?.
Jawab.
Tiyang estri nalika ihram ngangge masker hukumipun haram , sebab masker punika temempel dateng rahi lan terang nutupi sak perangane rahi. Kejawi perawis ingkang nutupi rahi nanging mboten temempl ing rahi kados dene cadar ingkang dipun pasang ing ngajengipun wajah. Keterangan saking kitab :
Kifayatul Ahyar hal. 228.
  1. I’anatuth Thalibin juz 2. hal. 323.
  2. Al Mughni Fi Fiqh Hajji wal Umrah hal. 120.
!. وأمـا الـمـرأة فـالـوجـه فى حـقـهـا كـرأس الـرجـل وتـسـتـر جـمـيع رأسـهـا وبـدنـهـا بـالـمخـيـط ولـهـا أن تسـتـر وجـهـهـا بـثـوب أو خـرقـة بـشـرط ألا يـمـس وجـهـهـا سـواء كان لحـجـة أو لـغـيـرحـاجة من حـر او بـرد أو خـوف فـتـنـة , ونحـو ذلـك ,فـلـو أصـاب الـسـاتـر وجـهـهـا بـاخـتـيـارهـا لـزمته الـفـديـة .
1. ‘Rahine wadon iku pada karo sirahe wong lanang anggone kudu kabuka. Tumrap wadon kudu nutupi sekabehe sirah lan badane nganggo sandangan kang dijahit. Lan kena tumrap wadon nutupi rahine kelawan sandangan utawa kain, kanti syarat ora temempel ing rahine, pada uga kerana hajat utawa ora, umpamane kerana hawa panas utawa adem utawa kerana kwatir ana fitnah lan liya liyane. Upama tutup mau ngenani rahine kelapan penggawehane dewe manga wajib bayat fidyah”.       (Kifayatul Ahyar hal. 228).
2.ويـحـرم سـتـر امـرأة لا رجـل بـعـض وجـه بمـا يـعـد سـاتـرا
2. “Lan haram kanggone wong wadon ora haram kanggone wong lanang, nutupi sebagian wajah kelawan perkara kang di wilang wilang nutupi.(I’anatuth Thalibin juz 2. hal. 323).
3.ولا يـجـوز للـمـراة أن تـغـطى وجـهـهـا وهى مـحـرمـة , قـال فى الـمـغـنى لا نـعـلـم هـذا خـلا فـا الا مـا روي عـن اسـمـاء انـهـا كانـت تـغـطى وجـهـهـا وهى مـحـرمـة , ويحـتـمـل أنهـا كانـت تـغـطـيـه بـالـســدل عـنـد الـحاجـة فـلا يـكـون اخـتـلافـا
3.  Ora wenang kanggone wadon nutupi rahine, ing mangkadeweke lagi ihram, ngendika Ibnu Quddamah ing Kitab Al Mughni “Aku ora tau ngerti perkara iki di enggo pasulayan” kejaba hadits ang diriwayatake saka Asma, deweke tau nutupi rahine ing mangka  deweke lagi ihram, Ing hadits ini mengku pemahaman yen deweke nutupi rahine  kelawean cadar ( kain selubung tutup rahi ) kerana hajat. Mula ora ana pasulayan ing bab iki.
      (Al Mughni Fi Fiqh Hajji wal Umrah hal. 120).
Kesimpulan.
Nutupi wajah kangge tiyang estri ingkang nembe ihram hukumipun haram sami ugi sebagian utami sedayanipun wajah. Kalebet tiyang ingkang ngangge masker sebab jelas nutupi sebagian rahi tur temempel wonten ing rahi, kejawi tutup rahi ingkang mboten melekat / temempel dateng rahi , kados dene cadar ingkang dipun pasang sak ngajenipun wajah, mboten temempel ing wajahipun punika mboten haram nanging menika kemawon menwi kerana hajat. Kados hadits riwayat saking Asma’ binti Abubakar.

   18. Mbayar dam lewat bank utawa muqimin ajir.
Jama’ah haji Indonesia umumipun haji tamattu’ , ingkang tentu wajib mbayar dam tamattu’ . Cara pembayaran dam ingkang katah dipun tindakaken para jama’ah haji punika liwat Bank Rujhi, utawi para ajir mukimin Makkah. Mekaten ugi kangge qurban lan dam dam sanesipun. Praktekipun para jama’ah haji namung cekap nyerahaken arto Real sak reginipun hewan ingkang kangge dam utawi qurban sak penyembelihanipun. Lan sak sampunipun ,jama’ah haji mboten mangertos proses sak lajengipun, kados pundi sembelihanipun lan ugi tasharrufipun, namung mitados sak wetahipun dateng tiyang  wau.
Soal.
Kados pundi hukumipun pelaksanaan mbayar dam utawi qurban  kanti cara pasrah ingkang mekaten punika ?.

Jawab.
Pembayaran dam utawi qurban  kanti cara kasebat hukumipun shah.
Keterangan saking kitab :
  1. Al Hawasyil Madaniyah 2/271.                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                
      2.   Al Bajuri juz. II hal. 296.
Sampun lumampah dados pengadatan tumrap tiyang Jawi nalika wonten sederekipun ingkang bidal wonten ing tanah suci Makkah nderek titip supados dipun tumbasaken hewan korban wonten ing Makkah sekaliyan sak nyembelihipun, ing mangka piyambakipun wonten ing tanah Jawi. Ngaten menika kanti masrahaken arta dateng tiyang ingkang dipun pasrahi sak reginipun menda wonten ing Makkah. Sejanipun supados saget pikantuk ganjaranipun kurban ingkang tikel matikel kerana dipun sembelih wonten ing bumi haram Makkah, Nyatanipun para ulama ugi nerangaken shahipun cara ngaten menika, kados keterangan ing ngandap punika.
1. فـقـدصـرح أئـمـتـنا بـجـواز تـوكـيـل مـن حـل ذبـيـحـتـه في ذبـح الأضـحـيـة وصرحـوا بـجـواز تـوكـيـل في شراء الـنـعـم وذبـحـهـا أهـ
1     Para Imam kita nerangake wenange masrahake marang wong kang halal sembelihane kanggo nyembelih qurban. Lan uga para imam kita mertelakake wenange masrahake tuku khewan lan sak nyembelihe”
2.ولـه تـفـويـضهـا لـمسلـم  ممـيـز وان لـم يـوكـلـه فى الـذبـح  ولـو وكـل فى الـذبـح كـفت نـيـته عن نـيت الـوكـيل بـل لـو لـم يـعلم الـوكـيل  أنه مضح لـم يضر

2. “Lan wenang kanggone wong kang korban masrahake hewan korbane marang wong liya kang muslim tur tamyiz senajan ora masrahke nyembelihe, dene  umpama makilake nggone nyembelih iku ya cukup saka niyate wongkang dipasrahi korban, malah senajan upama ora ngerti sejatine wong kang korban iku ya ora papa “. (Al Bajuri juz. II hal. 296).
Kesimpulan.
Jama’ah haji tamattu’ ingkang kedah mbayar dam, praktekipun anggenipun ngleksanaaken kanti pasrah dateng ajir muqimin Makkah, kanti masrahaken arta real sak reginipun hewan ingkang kangge dam utawi kurban. Miturut keterangan ing ngajeng cara ngaten menika kalebet shah kanti akad wakalah utawi ijarah. Ngantos upami ajir mboten  mangertos kurban utawi da kangge sinten kemawon sampun cekap, sebab niyat menia cekap dening tiyang ingkang kurban utawi haji ingkang mbayar dam nalika masrahaen dateng wakil utawi ajir. Kasunyatan cara   ngaten punika mila sanget katah kelampah, amergi jama’ah haji mboten purun repot ngurusi dam utawi kurban.

19. Asal usulipun Thowaf dadi  manasik kang paling mbedani.
Masalah.
Manasik haji lan umrah menika kedadosan saking werni werni nusuk/ibadah ingkang sanget mligi, tegesipun anggenipun nindakaken inggih namung jalaran nindakaken haji utawi umrah, sae ingkang minangka rukun, wajib utawi sunnatipun. Kados dene ihram, talbiyah, wukuf, mabit , mbalang jumrah, sa’i. tahallul, kejawi thawaf. Sedaya manasik haji lan umrah namung mligi katindakaken dening tiyang ingkang nembe nindakakaken ibadah haji lan umrah, kejawi thawaf kalebet nusuk haji lan umrah ananging saget katindakaken dening tiyang ingkang mboten haji lan umrah. Mila ibadah menika sanget istimewa kabanding manasik sanesipun. Tentu ibadah menika wonten sejarahipun.

Soal.
  1. Kados pundi asal usulipun thawaf menika sahingga sanget benten kaliyan manasik sanesipun, saget katindakaken sakdengah wekdal, lan mboten mligi kangge tiyang nindakaken ingkang haji lan umrah ?
  2. Kados pundi fadlilahipun thawaf punika ?.
Jawab.
Thawaf punika asal usulipun amalipun para Malaikat nalika ngraos lepat dateng ngarsanipun  Allah, amrih saget pikantuk pangapuntenipun Allah mila lajeng sami thawaf ing Baitil Makmur. Kados keterangan ing kitab :
  1. Al Qiraa li Qaashidi Ummil Qura hal. 261.
  2. Mawa’idlul Ushfuriyah hal. 7.
عـن علي بن الـحسـيـن وقـد سـئـل عـن ابـتـداء الـطـواف فـقـال : لـمـا قـال  الله تـعـالى للـمـلا ئـكـة  { إِنِّي جَاعِلٌ فِي الْأَرْضِ خَلِيفَةً قَالُوا أَتَجْعَلُ فِيهَا مَنْ يُفْسِدُ فِيهَا }و{قَالَ إِنِّي أَعْلَمُ مَا لا تَعْلَمُونَ}ظـنـت الـمـلا ئـكـة  أن مـا قـالـوا رد عـلى ربـهـم فـلا ذوا بـالـعـرش وطافـوا بـه اشـفـاقـا مـن الـغـضـب عـلـيـهـم فـوضـع لـهـم الـبيـت الـمـعـمـور وطافـوا بـه ثـم بـعـث مـلا ئـكـة  , فـقـال : أبـنـوا لي بـيـتـا في ألأرض بـمـثـلـه , وأمـر الله تـعـالى أن يـطـوفـوا بـه كـمـايـطـوف أهـل الـسـمـاءبـالـبـيـت الـمعـمورأخـرجـهالـحـافظ أبـوالـفـرج
Di ceritakake saka Ali bin Husain, temanan wis ditakokake saka   mula bukane thawaf , Panjenengane jawab :
Nalikane Allah dawuh marang para Malaikat : “Sejatine Ingsun wis ndadekake Adam minangka khalifah ing bumi”, Malaikat munjuk atur : “Kenging menapa Paduka ndadosaken khalifah ing bumi tiyang ingkang bade damel risak wonten ing   bumi “.
Allah nuli ngendika : “ Ingsun luwih pirsa marang apa kang sira ora pada ngerti”.
Malaikat nduwe penyana yen ature ditolak dening
 Pangerane, mula pada ngrasa luput nuli pada thawaf ngubengi ‘arasy kerana pada wedi marang dukane Allah. Nuli dititahake Baitil Ma’mur kanggo para Malaikat , nuli Allah paring dawuh :
Pada mbanguna omah ana ing bumi kelawan padane Baitil Ma’mur kanggo Ingsun” .
Allah banjur perintah para Malaikat supaya pada thawaf ngubengi bangunan mau kaya dene penduduk langit pada thawaf ing Baitil Ma’mur. 
(HR. Al Hafidh Abul Faraj).
( Al Qiraa li Qaashidi Ummil Qura hal. 261 ).
Kados keterangan ingkang sami Syaikh Muhammad bin Abu Bakar Al ‘Ushfuri wonten ing kitab Mawa’idhul ‘Ushfuriyyah ngendikanipun,
كـمـا قـال تـعـالى { وَإِذْ قَالَ رَبُّكَ لِلْمَلائِكَةِ إِنِّي جَاعِلٌ فِي الْأَرْضِ خَلِيفَةً قَالُوا أَتَجْعَلُ فِيهَا مَنْ يُفْسِدُ فِيهَا وَيَسْفِكُ الدِّمَاءَ وَنَحْنُ نُسَبِّحُ بِحَمْدِكَ وَنُقَدِّسُ لَكَ قَالَ إِنِّي أَعْلَمُ مَا لا تَعْلَمُونَ }فـخـافـت الْمَلائِكَة فطـافـوا حـول الـعـرش  سـبـع مـرات  فـتـجـاوز عـنـهـم فـأمـرهـم الله أن يـبـنـوا بـيـتـا عـلى وجـه ألأرض حـتى لـو أذنـب أولاد أدم فـيـطوفـون حـول الـبـيـت  سـبـع مـرات فـيـتـجـاوز عـنـهـم كـمـا تـجـاوز عـن  الْمَلائِكَة  ثـم نـزلـوا وبـنـوا عـلى ألأرض الــكـعـبـة .
Kaya dawuhe Allah Ta’ala :
2.“Lan elinga nalika Pangeranira paring dawuh marang para Malaikat, : “Saktemene Ingsun arep andadekake sawijineng khalifah ing nduwure bumi, Malaikat pada matur : “Kenging punapa Paduka ndadosaken khalifah ing bumi tiyang ingkang bade damel risak ing bumi lan mutahaken rah, ing mangka kula sedaya tansah sami maos tasbih kanti puji pengalembana Paduka lan tansah mahanucekaken dateng Paduka ?.
   Nuli Allah ngendika : “Saktemene Ingsun  pirsa marang apa wae kang sira ora pada ngerti”.
   Malaikat pada wedi, nuli pada mubeng ing kiwa tengene ‘Arasy ambal kaping pitu, nuli Allah paring pangapura marang para Malaikat, Allah banjur perintah supaya Malaikat pada mbangun omah ing nduwure bumi, sahingga nalika anak Adam pada nandang dosa nuli mada thawaf ngubengi omah kuwi  mau ambal kaping pitu, Allah bakal paring pangapura kaya olehe ngapura marang para Malaikat.
   Para Malaikat banjur pada tumurun lan mbangun Ka’bah ing bumi.(Mawa’idhul Ushfuriyah hal. 7).
Dados thawaf punika asalipun tindakipun para Malaikat ingkang sami rumaos lepat dateng Allah, kepingin pikantuk  pangapuntenipun Allah, sami thawaf ngubengi ‘Arays utawi miturut riwayat sanes Baitil Ma’mur. Lan Allah dawuh dateng para Malaikat supados mbangun Ka’bah kangge thawaf para anak putu Adam nalika lepat supados kaparingan pangapuntenipun Allah kados  para Malaikat wonten ing langit thawaf ing Baitil Ma’mur.
Thawaf kejawi minangka rukunipun haji lan umrah, ugi minangka pahurmatanipun Masjidil Haram kangge sinten kemawon ingkang mlebet ing Masjidil Haram sinaosa mboten nindakaken haji lan umrah .
Dene fadlilahipun, ing antawisipun kangge nggayuh maghfirahipun Allah kados kalih keterangan ing ngajeng, lan keterangan saking kitab :
  1. At Targhib wat Tarhib hal. 51.
  2. Al Matjarur Rabih hal.410-412.
  3. Al Qiraa li Qaashidi Ummil Qura hal. 35.
1... وأمـا طـوافـك  بـالـبـيـت بـعـد ذلك فـأنـك تـطوف ولاذنـب لك يـأتي ملـك حتى يـضـع يـديـه بـيـن كـتـفـيـك فـيـقـول اعـمــل فيـمـا
يـسـتـقـبـل فــقــد غـفـر لـك مـا مـضى ...
1.“…Ana dene thawafira ing Baitullah sak wise amal amal liyane, mangka sak temene sira thawaf kelawan tanpa dosa tumrap sira, lan Malaikat nekani ing sira sahengga nyelehake tangan lorone ing antarane welikat loro ira, lan pada ngendika : Terusna amal ira  , temenan wis diapura dosa dosa ira kang wis kepungkur“.
   (HR.Ath Thabrani lan Al Bazar).
(At Targhib wat Tarhib hal. 51).
Hadits    panjang menika   nerangaken fadlilahipun sedaya manasik haji, ing bab menika namung kanukil pungkasanipun hadits ingkang ngendikaaken fadlilahipun thawaf kemawon.
2.Hadits riwayat saking Abdullah bin Umar RA.  ingkang    panjang, ing akhiripun hadits Kanjeng Nabi ngendika  :
مـن طاف بـالـبـيـت لـم يـرفـع قـدمـا ولـم يـضـع قـدمـاالا كــتب الله لـه حـسـنـة , ويحـط عـنـه خـطيـئـة ورفـع  لـه درجـة .
“Sing sapa wonge thawaf ing Baitullah, ora ngangkat deweke , lan ora nyelehake deweke ing delamakan lorone kejaba Allah mesti nyatet kebagusan kanggo deweke, lan nglebur keluputane lan Allah ngangkat derajate “.
   (HR.Ibnu Hibban lan Ibnu Huzaimah).
   ( Al Matjarur Rabih hal.410 ).
 عـن ابـن عـبـاس رضي الله عـنـهمـاقـال قـال رسـول الله صـلى الله علـيـه  وسـلـم  : يــنـزل الله كل يـوم  على حجـاج بـيـتـه الـحـرام عـشـريـن ومـيئـة رحمـة  سـتـيـن للـطـائـفـيـن  وأربـعـيـن  للـمـصـلـيـن  و عـشـريـن للـنـاظـريـن 
Hadits riwayat saking Ibnu Abbas Radliyallahu ‘anhuma. Deweke ngendika, Kanjeng Rasulullah  Sallallahu’alaihi wa sallam dawuh :
“Saben dina Allah nurunake 120 rahmat kanggo para jama’ah haji ing Baitil Haram, 60 rahmat kanggo wong ang pada thawaf, 40 rahmat kanggo wong kang pada shalat, lan 20 rahmat kanggo wong kang pada ningali marang Baitullah “.(HR.Al Baihaqi)  
( Al Matjarur Rabih hal.411).
Hadits ingkang sanget panjang akhiripun hadits nerangaken fadlilahipun thawaf, saking Shahabat Abi Hurairah RA. ngendika :
أنـه سـمـع رسـول الله صـلى الله علـيـه  وسـلـم    يـقـول : مـن طاف بـالـبـيـت سـبـعـا ولا يـتـكـلـم الا بـسـبـحـان الله  والحـمـد لله  ولا الـه الا الله والله أكــبـر ولا حـول ولا قـوة الا بـالله مـحـيـت عـنـه عـشـر سـيـأت وكـتـب  لــه عـشــر حـسـنـات ورفــع لـه عـشــر درجــات
“Abi Hurairah RA. krungu Kanjeng Rasulullah  Sallallahu’alaihi wa sallam dawuh :
Sing sapa wonge thawaf ing Baitullah kelawan ambal kaping 7, lan ora guneman kejaba maca :
 سبحان الله  والحمـدلله ولا الـه الا الله والله أكــبر ولا حـول ولا قـوة الا بـالله
“Mangka Allah bakal nglebur sepuluh kaelekan lan nyatet sepuluh kebagusan lan ngangkat sepuluh derajat kamulyan”.(HR.Ibnu Majah ).
( Al Matjarur Rabih hal.412 ).
3.عـن ابـن عمر  رضي الله عـنـهما عن الـنبي صلى الله علـيه وسلـم قال{..واذا قـضى أخرطواف بـالـبيـت خرج مـنذنـوبـه كـيـوم ولـدتـه أمه}
3. Hadits riwayat saking Ibnu Umar Radliyallahu ‘anhuma saking Kanjeng Nabi Sallallahu’alaihi wa sallam ngendika :”…… Nalika swijine wong wis nekani akhir thawafe ing Baitullah mangka deweke metu sangka dosane kaya dinane ibune nglahirake deweke”.
       (HR.Ibnu Hibban ).
       (Al Qiraa li Qaashidi Ummil Qura hal. 35).
Kesimpulan.
Thawaf satunggaling ibadah ingkang sanget khusus namung saget katindakaken wonten ing Masjidil Haram mboten saget ing papan sanes. Thawaf kalebet salah satunggaling rukun saking haji lan umrah,   Satunggaling manasik haji ingkang saget dipun pisah minangka ibadah ingkang ndewe, saget katindakaken sakdengah wekdal ingkang mboten wonten sambetipun kaliyan haji lan umrah. Dene manasik sanesipun namung mligi katindakaken nalika haji utawi umrah.
Kautaman lan fadlilahipun thawaf katah lan agung sanget, antawisipun kangge nggayuh maghfirah, derajat kamulyan lan kasaenan saking ngarsa dalem Allah. Kados katah keterangan saking hadits dawuh dalem Kanjeng Nabi Sallallahu’alaihi wa sallam.

20. Mitos  Hajar Aswad.
Masalah.
Saben saben Jama’ah haji tentu anggadahi pepinginan saget ngusap utawi nucup Hajar Aswad, ngantos dipun rencangi rekaos amergi desekan dipun tempuh, amrih saget ngusap lan nucup Hajar Aswad, wonten ingkang namung cekap kangge kemareman lan kebanggaan, saget crios dateng tiyang sanes menawi saget hasil ngusap lan nucup Hajar Aswad. Ing mangka tumandang ngibadah, langkung langkung kedah kanti lampah awrat lan rekaos, eman sanget menawi mboten dipun dasari kawruh lan ilmi sahingga mboten mangertos jluntrungipun namung sekedar kangge kemareman, menapa malih namung kangge kebanggaan. Jalaran mila mboten sekedik tiyang ingkang namung kanti tujuan ngaten menika, mboten mangertos tuntunanipun amal  ingkang katindakaken.

Soal.
Menapa estunipun Hajar Aswad punika?
Lan  kados pundi hukum lan fadlilahipun ngusap utawi nucup Hajar Aswad punika ?.
Jawab.
Hajar Aswad, miturut tembungipun artosipun sela cemeng, dene ing bab menika ingkang dipun maksud Hajar Aswad punika sela ingkang wonten ing Ka’bah arah rukun utawi pojok kidul wetan ingkang dados papan kawitanipun thawaf,  ingkang inggilipun 3 dzira’ kirang 7 nyari (Kirang langkung 1.5 M) saking ngandap. Hajar aswad punika sela asal saking swarga ingkang warna asalipun petak. 
Keterangan saking kitab :
  1. Syarhul Idlah hal. 242.
  2. Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 292.
.1 وهـو في الـركـن الـذي يـلي بـاب الـبـيـت مـن جـانـب الـمـشـرق ويـسـمى ركـن ألأسـود , وارتـفـاع الـحجـر ألأسـود مـن ألأرض ثـلاثـة أذرع الا سـبـع أصـابع .

1.“Hajar Aswad iku watu kang ana ing pojoke Ka’bah, sisihe lawang Ka’bah saking arah wetan. Pojok iki diarani Ruknul Aswad, (pojok ireng). Dene duwure Hajar Aswad saka bumi iku telung dzira, kurang pitung nyari”.      (Syarhul Idlah hal. 242).

2. عن بن عباس قال قال رسول الله صلى الله عليه وسلم نزل الحجر الأسود من الجنة وهو أشد بياضا من اللبن فسودته خطايا بني آدم       الجامع الصحيح للترمذي

2. Hadits riwayat saking Ibnu Abbas Radliyallahu ‘anhuma. Deweke ngendika, Kanjeng Rasulullah  Sallallahu’alaihi wa sallam dawuh :
Hajar Aswad iku watu kang tumurun saka swarga, rupa asale banget putihe, luwih putih katimbang poan, nanging dadi ireng sebab lupute bani Adam”.
            (HR.At Turmudzi).
3.وعـنـه أن الـنبي صلى الله علـيه وسـلـم قـال: الحجـرألأسود مـن الجنـة 
3.  Hadits riwayat saking Ibnu Abbas Radliyallahu ‘anhuma. Saktemene Kanjeng Nabi  Sallallahu’alaihi wa sallam wis  ngendika, “Hajar Aswad iku watu   saka swarga”.      (HR.An Nasa’i).
      ( Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 292 ).
Dene hukumipun ngusap utawi nucup Hajar Aswad punika Sunnat kerana nderek dateng tindak dalem Kanjeng Nabi  
Sallallahu’alaihi wa sallam.
Kados keterangan saking kitab :
1.  Al Idlah hal. 206.
2. Al Mughni hal. 199-200 .
3. Busyral karim juz.2 hal.98.
4. Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 280.
1.ويـسـتـحـب  أن يـسـتـقـبـل الـحجر ألأسـود بـوجـهـه ويـدنـو مـنـه بـشـرط أن لا يـؤذي أحـدا بـالـمـزاحـمـة فـيـسـتـلـمـه  ثـم يـقـبـلـه مـن غـيـر صـوت يـظـهـر مـن الـقـبـلـة  ويـسـجـد عـلـيـه ويـكـرر الـتـقـبـيـل والـسـجـود  عـلـيـه
“Disunnatake madep marang Hajar Aswad kelawan rahine, nuli nyerak, kanti syarat ora nglarakake wong liya sebab desekan,  banjur ngusap lan nucup ing Hajar Aswad kanti tanpa nyuwara kang cetha saka anggone nucup. Lan sujud marang Hajar Aswad. Nuli mbaleni nucup lan sujud marang Hajar Aswad ambal kaping telu”.(Al Idlah hal. 206).
2.يـسـن اسـتـلا م الـحجر ألأسـود ثـم تـقـبـيـلـه مـن غـيـر صـوت
 والـسـجـد عـلـيـه بـوضـع الـجـبـهـة , فـأن لـم يـسـتطـع اقـتـصـرعـلى الأ ستـلا م بـالـيـد ثـم يـقـبـلـهـاو فـأن تـعـذر ذلك أسـتـحـب أن يـسـتـلـم بـعـصـا أو نـحـوهـا ويـقـبـل مـا اسـتـلـم بـه فـأن لـم يـسـتـطـع أشـار الـيـه  ويـسـتـحـب ذلك في كـل طـوفـة  ولا يـشـيـر بـالـفـام الى التـقـبـيـل.

2.“Disunnatake  ngusap lan nucup marang Hajar Aswad kanti tanpa nyuwara , nuli sujud marang Hajar Aswad kelawan nyelehake bathuke, yen orang bisa mangka ngalap cukup kanti ngusap kelawan tangane nuli dicucup tangane, yen ngono ya kangelan disunatake ngusap kelawan tongkat, utawa sepadane nuli nucup marang apa kang bisa nggepok Hajar Aswad mau. Menawa ora kuasa mangka isyaraha marang Hajar Aswad. Mengkono mau disunnatake saben saben sak ubengan, lan ora perlu isyarah kelawan cangkeme marang nucup Hajar Aswad.(Al Mughni hal. 199-200)
3.ومـن ســنـنـه الـمـشـي فـيـه واسـتلام الـحـجـر و تـقـبـيـلـه ويـخـفـفـهـا بحـيـث لا يـظـهـر لـهـا صـوت فـأن ظـهـر كـره ووضـع الـجـبـهـة علـيـه للأ تبـاع  في الـثـلا ثـة ويـسـن تـكـرار كـل مـنـهـا ثـلا
ثـا في كـل طـوفـة 

  1. “Lan setengah saking sunnat sunnate thawaf,iku mlaku ing sak jerone thawaf, ngusap lan nucup Hajar Aswad, lan supaya ngenthengake anggone nucup kelawan sekira ora nyuwara saka nggone nucup. Menawa nganti nyuwara mangka malah dadi makruh hukume. Lan nyelehake bathuke marang Hajar Aswad, mengkono iku kerana ittiba’ nderek tindake Kanjeng Nabi ing perkara telu mau, lan disunnatake uga mbaleni siji sijine kelawan kaping telu ing saben saben ubengan”.
      (Busyral karim juz.2 hal.98).
4. تـقـبـيـل الـحجر و أ ستـلا مـه  الـركــن  الـيـمـاني مـن سـنـن الـحـج  لمـن قــدر علـيـه  ومـن لـم يـقـدر اسـتـلـمـه  على ما سيأتي فى كـيـفـيـة الأســتـلا م , وانـمـا جمــع فـيــه بـيـن الـتـقـبـيـل وألأ ستـلا م دون الـركــن  الـيـمـاني لأجـتـمـاع الـفـضـيـلـتـيـن

“Nucup Hajar Aswad lan ngusap rukun yamani iku kalebu saka sunnate haji tumrape wong kang kuasa nindakake, dene kanggone wong kang ora kongang cukup ngusap Hajar Aswad miturut cara kang bakal diterangake mburi, Dene nggone dikumpulake antarane nucup lan ngusap   Hajar Aswad ora rukun yamani, iku kerana  kumpule kautamane karone taqbil lan istilam.   
      (Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 280).
Dene dawuh hadits lan fadlilahipun taqbil lan istilam katutur ing ngandap punika. Hadits dawuh lan tindak dalem Kanjeng Nabi  Sallallahu’alaihi wa sallam lan para shahabatipun katah sanget ingkang ngendikakaken bab menika, pramila tumrap kita nindakaken taqbil lan istilam kanti niyat itba’ Nabi lan para shahabatipun. Hadits kiasebat antawisipun :
عـن ابـن عمر  رضي الله عـنـهمـا قـال : اسـتـقـبـل  الـنبي صلى الله علـيه وسلـم يـعـنى الـحـجـرفـاسـتـلـمـه ثـم  وضـع شـفـتـيـه علـيـه طـويـلا يـبـكي , فـالـتـفـت فـاذا هـو بعـمـر
 بـن الـخـطاب يـبـكي, فـقـال : يـا عـمـر هـاهـنـا تـسـكـب الـعـبـرات

Diriwayatake saka Ibnu Umar Radliyallahu ‘anhuma, Panjenengane ngendika :  Kanjeng Nabi  Sallallahu’alaihi wa sallam madep marang Hajar Aswad banjur ngusap Hajar Aswad, nuli lati lorone di tempelake Hajar Aswad sak wetara suwe kanti muwun, banjur Kanjeng Nabi  noleh, dumadakan   Umar bin Khaththab ana ing mburine uga nangis, Kanjeng Nabi nuli ngendika : “He Umar ! ing kene iki banyu luh disuntak”.  (HR. Imam Syafi’i). (Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 281).
Riwayat sanes ngendikaaken tindakipun kanjeng Nabi nalika rawuh ing Makkah tentu ngawiti kanti taqbil lan istilam dateng Hajar Aswad. Kados riwayat dening Imam Bukhari lan Muslim ngandap punika.
 عـن ابـن عمر  رضي الله عـنـهمـا قـال :  رأيـت رسـول الله  صلى الله علـيه وسلـم  حـيـن يـقــدم مـكــة يـســتـلـم الـركـــن ألأســود  متفق عليه   وفي روايــة للبـخــاري يـسـتـلـمـه ويـسـتـقـبـلـه
Diriwayatake saka Ibnu Umar Radliyallahu ‘anhuma, Panjenengane ngendika :  Kanjeng Nabi  Sallallahu’alaihi wa sallam nalika rawuh ing Makkah esti ngusap  Hajar Aswad. (Muttafaq ‘alaih).
 Riwayat sanes   :   Kanjeng Nabi Sallallahu’alaihi wa sallam  ngusap lan nucup Hajar Aswad. (HR.Al Bukhari).

Dene para shahabat ingkang nindakaken taqbil lan istilam punika antawisipun Shahabat Umar bin Khaththab RA.
عن عمر رضي الله عنه: أنه جاء إلى الحجر الأسود فقبله، فقال: إني أعلم أنك حجر، لا تضر ولا تنفع، ولولا أني رأيت النبي صلى الله عليه وسلم يقبلك ما قبلتك   صحيح البخاري

 Diriwayatake saka Shahabat Umar bin Khaththab Radliyallahu ‘anhuma, Panjenengane marani Hajar Aswad banjur nucup, nuli ngendika : “Sejatine aku ngerti kowe kui mung watu, kang ora bisa aweh kemlaratan lan kemanfa’atan, Umpama aku ora weruh dewe  Kanjeng Nabi  Sallallahu’alaihi wa sallam nucup marang sira Hajar Aswad, ora bakal aku nucup marang sira “. (HR.Al Bukhari).
Dateng Shahabat Umar bin Khaththab Radliyallahu ‘anhuma, punika kanjeng Nabi dawuh ampun ngantos pepinginan taqbil lan istilam nglarakaken tiyang sanes .
عَنْ  عـبـد الـرحـمـن   بْنِ الـحــارث قَالَ  : قَالَ  رسـول الله  صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ    لَـعـمـر رضي الله عنه  : يَا أبـا حـفـص  أَنَّكَ رَجُلٌ قَوِىٌّ فلاَ تُزَاحمِ  عَلَى الْـرِكــن فَـانـك تُؤْذِى الضَّعِيْفَ ولـكـن اذا  وَجَدْتَ خَلْوَةً  فَاسْتَلِمْهُ ,  وَإِلاَّ   فـكَِبّرْ وَأمـض   رَوَاهُ  أَحْمَدَ  وَاْلبشـافـعي  
ٍSaking Abdur Rahman bin Al Harits deweke kanda : Bilih Rasulullah  Sallallahu ‘alaihi wasallam  dawuh marang Shahabat  Umar RA. : “Hai Pak Abu Hafsh sampeyan iku wong kang rosa,   aja   ndesek wong liya kerana tumeka ing pojok Ka’bah (Hajar Aswad), kui nglarakake wong kang ringkih, nanging nalika sampeyan nemu kahanan longgar, ngusapa Hajar Aswad, dene yen ora     macaha  takbir lan nerusna thawaf” . 
 (HR.   Ahmad lan   Syafi’i).
      (Al Ifshah ‘Ala Masailil Idlah hal. 206).
Dene fadlilahipun taqbil lan istilam dateng Hajar Aswad punika kangge damel paseksen lan ngalap syafa’at ugi kangge panebus kalepatan,  kados ketarang punika :
عـن عـائـشـة رضي الله عنهــا  قـا لـت  : قَالَ  رسـول الله  صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ  أشـهـدوا هـذا الـحـجـر خـيـرا فـانـه يـوم الـقـيـامـة شــافـع يـشـفـع لـه لـســانـان وشـفـتـان  يـشـهـد لمـن  اسـتـلـمـه
ٍSaking ‘A’isyah Radliyallahu ‘anha Panjenengane ngendika    : Bilih Rasulullah  Sallallahu ‘alaihi wasallam  dawuh :” Pada gaweha seksi kebagusan sira kabeh ing iki watu, sak temene watu iki besuk dina qiyamat bakal nduwe syafa’at lan bakal nyafa’ati , watu iki besuk duwe lisan lan lambe loro, bakal nyekseni marang sapa wae kang ngusap deweke“.(HR.Ath Thabrani)
( Al Matjarur Rabih hal.415 ).
 عـن ابـن عمر  رضي الله عـنـهمـا أن  الـنبي صلى الله علـيه وسلـم قـال : مـسـح  الـحـجـروالـركـن الـيـمـانى يـحـط الخـطـايـا حـطا
Diriwayatake saka Ibnu Umar Radliyallahu ‘anhuma, Sejatine Kanjeng Nabi  Sallallahu’alaihi wa sallam ngendika :      Ngusap  Hajar Aswad lan rukun Yamani iku bisa mbusek     kaluputan pirang pirang kelawan mbusek temenan”.(HR. Ahmad lan Ibnu Hibban).
(Al Qira   hal. 287).
وعـن عـطاء : قـيـل يـارسـول الله  تـكـثـر مـن اسـتـلا م الـركـن الـيـمـانى .قـال : مـا أتـيـت عـلـيـه قـط الا وجـبـريـل عـلـيـه الـســلا م قـائـم عـنـده يـسـتـغـفـر لـمـن يـسـتـلـمـه . 
Diriwayatake saka ‘Atha’ : Nate Kanjeng Nabi  Sallallahu’alaihi wa sallam disuwuni pirsa : “Duh Rasulullah, menapa sebabipun Paduka katah ngusap dateng rukun Yamani  ?”. Kanjeng Nabi  Sallallahu’alaihi wa sallam nuli ngendika :”Aku ora nekani ing rukun Yamani babar pisan kejaba Malaikat Jibril ‘Alaihis salam mesti jumeneng ing sandinge rukun Yamani, tansah nyuwunake ngapura marang sapa wae kang ngusap rukun Yamani”. (Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 296).

Kesimpulan.
Hajar Aswad punika sela asal saking swarga ingkang warna asalipun petak, dumunung wonten ing Ka’bah arah rukun utawi pojok kidul wetan ingkang dados papan kawitanipun thawaf,  inggilipun 3 dzira’ kirang 7 nyari (Kirang langkung 1.5 M) saking bumi.
Nucup lan ngusap (taqbil lan istilam) Hajar Aswad saha rukun Yamani hukumipun sunnat  kerana nderek dateng Kanjeng Nabi  Sallallahu’alaihi wa sallam. Dene fadlilahipun ageng sanget kagem nebusi kalepatan saha ngalap paseksen lan ugi ngajeng ajeng syafa’atipun mbenjang dinten qiyamat.

21. Thawaf Qudum cukup kelawan thawaf Umrah.
Masalah.
Thawaf Qudum menika thawaf kangge pahurmatan Masjidil Haram ingkang katindak aken dening sinten mawon ingkang dumugi wonten ing Masjidil Haram nanging tumrap haji tamattu’ dumugi sampun ihram umrah tentu kemawon ugi langsung thawaf angge umrahipun. Lajeng kados pundi thawaf qudumipun ? menapa kedah thawaf piyambak piyambak kangge thawaf qudum lan thawaf umrah. Pramila bab menika betah keterangan supados jama’ah ingkang tasih awam saget langkung gamblang, menapa ingkang kedah katindakaken kawitan nalika lumebet wonten ing Masjidil Haram .

Soal.
1. Kados pundi hukumipun thawaf qudum punika?.
2.Tumrap Haji Tamattu’ menapa kedah thawaf piyambak
   piyambak kangge thawaf qudum lan thawaf umrah?.
Jawab.
1. Thawaf Qudum punika hukumipun sunnat .  Mboten wontenkwajiban menapa menapa tumrap tiyang ingkang nilaraken.
      Dumunungipun Thawaf Qudum punika minangka Tahiyyatul Bait , ingkang dipun sunnataken kangge tiyang ingkang lumebet Baitullah. Kados dene tahiyyatul masjid dipun sunnataken kangge tiyang ingkang lumebet masjid.
Kados keterangan saking kitab:
   1.Al Mughni hal. 170.
   2. Al Idlah hal. 204-205.
   3. Syarhul Idlah hal. 239-240.
   4. Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 261.
   5. Busyral Karim juz.2. hal.96.

وذهـب ألأئـمـة الـثـلا ثـة  : أبـو حـنـيـفـة , والـشافـعى , وأحمـد الى أنـه سـنـة  
“Para imam tiga, Imam Abu Hanifah, Imam Syafi’I  lan Imam Ahmad, anggadahi pemanggih bilih thawaf qudum punika hukumipun sunnat”. 
ويـستـحـب  كـونـه  أول دخـول مـكـة  : لأن الـنبي الـنبي صلى الله علـيه وسلـم اذا دخـل مـكـة أول مـا يـبـدأ بـه الـطـواف  , أمـا الـمـرأة الحـائض والـنـفسـاء أو مـن خـشي فـوات الـوقـوف بـعـرفـة , فـلـيـس عـلـيـه شيء فى تـرك الـطـواف  لأنـه ســنـة .
Disunnatake anane thawaf iku minangka kawitane mlebu Mekkah, Kerana sak temene Kanjeng Nabi  Sallallahu’alaihi wa sallam nalika mlebu Mekah iku kawitane perkara kang ditindakake iku thawaf , dene tumrape wong wadon kang lagi khaidh lan nifas utawa wong kang wedi kepotan wukuf ing ‘Arafah, mangka kena tinggal thawaf qudum lan ora ana kwajiban apa apa, amerga thawaf qudum iku sunnat ”. (Al Mughni hal. 170). 
أن طواف الـقـدوم سـنـة لـيـس بـواجـب  فـلـو تـركـه لـم يـلـزمــه شيء
“Sejatine thawaf qudum iku sunnat ora wajib, mula upama ninggalake thawaf qudum ora ana kwajiban apa apa”.
(Al Idlah hal. 204).
اذا دخـل المـسـجد الـحـرام يـنـبـغي أن لا يـسـتـغـل بـصـلا ة تحـيـة المـسـجد ولاغـيرهابـل يـقصـدالحجر ألأسود ويـبدأبـطـواف الـقـدوم وهوتحـية المـسجدالـحرام , و الـطواف مـسـتـحب لكـل داخل محـرما كان أوغـيـر محرم
“Nalika mlebu Masjidil haram, prayoga aja ketungkul shalat tahiyatil masjid lan liya liyane, Nanging nejaha marang Hajar Aswad lan ngawitana Thawaf Qudum, sebab Thawaf Qudum iku minangka tahiyatil Masjidil haram. Lan Thawaf Qudum iku sunnat kanggone wong kang mlebu Masjidil haram pada uga kahanane wong kang ihram utawa ora minangka wong kang ihram”.
(Syarhul Idlah hal. 239-240).
عـن عـائـشـة رضي الله عنهــا  قـا لـت : أن أول شيء بــدأ بــه  الـنبي الـنبي صلى الله علـيه وسلـم حيـن قـدم مـكـة   أنـه تـوضـأثـم  طـاف 
ٍSaking ‘A’isyah Radliyallahu ‘anha Panjenengane ngendika    : “Bilih Rasulullah  Sallallahu ‘alaihi wasallam  nalika rawuh ing Makkah kawitane perkara kang ditindakake iku wudlu nuli thawaf “.
(HR.Bukhari lan Muslim).
(Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 261).

2. Dene tumrap tiyang ingkang ihram   umrah kerana haji tamattu’ cekap kanti thawaf umrahipun nyekapi kangge thawaf qudum mboten perlu mujudaken thawaf piyambak.
Kados keterangan ngandap punika:
   1.Al Mughni hal. 170.
   2. Al Idlah hal.205.
   3. Syarhul Idlah hal.  241.
  4. Busyral Karim juz.2. hal.96.
1.وطواف الـقـدوم يـتـصـور فى حـق مـن دخـل مـكـة قـبل الـوقـوف بـعـرفــات  ويـكـون مـفـردا للحـج أو قـارنـا أمـا الـمحـرم بـعـمـرة وهـو الـمـتـمـتـع فـلا يـتـصـورفى حقـه طواف الـقـدوم , بـل اذا طا ف للعـمـرة  أجـزأه عـنـهمـا
1.“Thawaf qudum iku katon rupane kudu di wujudake tumrape wong kang mlebu Makkah sak durunge wukuf ‘Arofah yaiku wongkang haji ifrad utawa haji qiran , Dene kanggone wong kang ihram umrah kerana haji tamattu’ mangka ora katon rupane thawaf qudum , nanging nalika dewee thawaf umrah wis nyukupi kanggo karone thawaf qudum lan umrah”.  (Al Mughni hal. 170).
2.واعـلـم  ان طواف الـقـدوم انـمـا يـتـصـور فى حـق
مـفـرد الحـج وفى حق الـقـارن  اذا كانـا قـد أحـرمـامـن غـيـر مـكـة ودخلا  قـبل الـوقـوف فـأمـا الـمـكـي فـلا يـتـصـور فى حـقـه طواف الـقـدوم اذ لا قـدوم لــه . وأمـا مـن أحـرم بـالـعـمـرة فـلا يـتـصـور فى حـقـه طواف الـقـدوم  بـل اذا طاف عـن الـعـمـرة أجـزأه عـنـهـا وعـن طواف الـقـدوم   , كـمـا تجـزىء الـفـريـضـة عـن تحـيـة الـمسـجـد , حتى لـو طاف الـمـعـتـمـر بـنـيـة الـقـدوم وقـع عـن طواف الـعـمـرة .
2.“ Lan ngertiya sejatine thawaf qudum iku  katon rupane penggawean mung kanggo wong kang nindakake haji ifrad lan qiran, nalikane wong mau ihram saka sak njabane Makkah, lan mlebu Makkah sak durunge wukuf, Dene wong Makkah, kanggone wong kuwi ora ana rupane thawaf qudum, kerana ora ana tembung teka tumrap deweke.     Dene wong kang ihram kerana umrah, ora ana rupane thawaf qudum, nalika deweke thawaf kerana umrah, mangka wus nyukupi kanggo  deweke sangka thawaf umrah lan qudume. Kaya dene shalat fardlu kang bisa nyukupi kanggone shalat tahiyyatul masjid. Sahingga upama ana wong kang umrah deweke thawaf kelawan niyat thawaf qudum, mangka wis nyukupi uga kanggo thawaf umrahe   ”. (Al Idlah hal.205).
3.أنـه اذا طاف  للـعـمـرة أثـيـب عـلى طواف الـقـدوم   أيضـا كـمـا يـثـاب  مـصـلى الـفـريـضـة على الـتـحـيـة  أهـ
Sejatine nalika thawaf kanggo umrah iku diganjar uga kanggo thawaf qudum, kaya  wong kang shalat fardlu, uga di ganjar saka sahalat tahiyyate”. Syarhul Idlah hal.241).
4.بخـلا ف مـعـتـمـروحاج دخلـهـابـعـد الـوقـوف فمـخـاطـب  بطواف الـركـن فـلم يـصح تـطـوعـهمـابطواف الـقـدوم ولا غـيره قـبلـه حتى لـو قصدابـه غـير الـفـرض وقـع عن الـفرض وانـدرج  فـيـه طواف  الـقدوم
 “Beda kelawan wong kang umrah lan haji kang mlebu Makkah sakwise wukuf , mangka tumrap wong kuwi kang dipurih nindakake thawaf rukun, mula ora shah nglakoni sunat kelawan thawaf qudum, utawa liyane sak durunge thawaf rukun. Sahingga upama wong mau neja thawaf liyane thawaf fardlu, mangka tetep tumiba fardlu, lan tetep klebu thawaf qudume ing ndalem thawaf fardlu
mau”. (Busyral Karim juz.2. hal.96).

Kesimpulan.
Thawaf Qudum punika hukumipun sunnat, Para imam tiga, Imam Abu Hanifah, Imam Syafi’I  lan Imam Ahmad, mufaqat bilih thawaf qudum punika hukumipun sunnat .  Mboten wonten kwajiban menapa menapa tumrap tiyang ingkang nilaraken.  Kados dene tahiyyatul masjid dipun sunnataken kangge tiyang ingkang lumebet masjid. Mekaten ugi Thawaf Qudum punika minangka Tahiyyatul Bait , ingkang dipun sunnataken kangge tiyang ingkang lumebet Masjidil Haram.  Dene tumrap tiyang ingkang ihram   umrah kerana haji tamattu’ cekap kanti thawaf umrahipun nyekapi kangge thawaf qudum mboten perlu mujudaken thawaf piyambak, nanging ganjaranipun thawaf qudum tetep saget dipun kasilaken sinaosa pendamelanipun namung nindakaken thawaf rukun, sebab masalah mekaten menika kalebet perkawis ingkang dipun sebat masalah indiraj.













 AN NIDA'



 Masail Manasikil Hajji wal 'Umroh



النداء


 







 Soal Jawab 




SEPUTAR HAJI & UMROH
 




.

PALING DIMINATI

Back To Top